Jaka
Tarub
Wonten ing satunggiling dusun, wonten kulawarga
ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang
sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelanipun
saben padinten inggih menika madosi ron gedhang utawi jati kangge dipun sade
wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan
uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakipun wonten peken
ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka
Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wonten ing satunggiling dinten ing kulawarga
menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur
kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi
mbedadak bidalipun bada subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten
ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa. Menika
Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarb boten
manggih.
Satunggiling punapa kemawon sato kewan. Namung
Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun
ingkang tebih sanget wonten ing jroning wana. Ananging ngantos dalu Jaka Tarub
taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene
ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub
sare ing sajroning wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng swantenipun
gumujunging tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos swanten
menika percaya kaliyan ingkang Jaka Tarub mirsani ing dalu menika Jaka Tarub
kaget amargi ing madyaning wana wonten swanten widodari-widodari ingkang sami
gumujengan sinmabi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi
panggenanwidodari menika ingkang nembe
siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jak Tarub
gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundhut rasukan
satunggal lan dipunsnggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan
rasukanipun ditilar kancanipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun
lajeng widodari menika dipunceketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng
dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, Widodari menika gadhah nami
Nawang Wulan.
Wonten ing satunggiling dinten Nawang Wulan
sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi
rasukanipun kathah ingkang reged pramila Naang Wulan nyuwun Jaka Tarub kangge
nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, la Jaka Tarub boten
angsal mbikak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah
kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi
ingkang dipun adang garwanipun namung satunggal kantun kemawon. Saking
kadadosaken punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun
satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila wiwit nutu pari adangipun
uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas
kantun rentengan wonten lumbung.
Wonten satunggiling dinten Nawang Wulan
njangkepi gelaran klasa kados kagetipun manah Nawang Wulan mirsani rasukan
widodari wonten ing ngandapipun klasa,. Piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka. Dhumateng garwanipun
amargi sampun dipunapusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan
malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kahyangan Nawang Wulan
pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mirsani wulan amargi ing madyaning
wulan wonten bayanganipun Nawang Wulan. Ananging saksampunipun dugi Kahyangan
Nawang Wulan boten dipuntampi malih dados widodari amargi sampu kacampuran
kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados
manungsa, amargi ngraosaken gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten
segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun
Nyi Roro Kidul.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar