Tradisi "Kupatan" kutha Kudus
Kupatan
menika salah satunggiling tradisi jawa wonten ing kutha Kudus. Sampun dados
adat tradisinipun ing pesisir limrahipun kaliyan wewangkon Kudus mliginipun
saben tanggal 8 Syawal sami ndamel kupat kaliyan lepet. Sedaya kalawau menika
dipuntindakaken minangka awujud raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang
sampun paring karaharjan saged nindhakaken siyam sakwulan ing wulan Ramadhan.
Boten namung ndamel kupat lpet ,rumaos bombongkalawau ugi dipunwujudaken kanthi
nganakaken pahargyan werni-werni. Kamangka ing kabupaten Kudus kathah papan
panggenan ingkang dados punjering Karamean.
Kupatan
menika saking tembung ”Kupat”
singkatan saking tembung “ngaku lepat” ateges ngrumaosi lepat utawa klenta-klentunipun.
Kupatan anggadhahi ateges ngaku kalepetan , ngakeni kathah kalepetan , kados
padatan jarwi ugi filosofinipun. Kupatan menika minangka tradisi ingkang kebak
kaliyan jarwi mliginipun jawi, wigatosipun wonten ing tradisi kupatan menika ,
para masyarakat sami pepanggihan ngakeni kalepetan mawi ngapuntenaken kaliyan
tiyang sanes.
Ketupat
utawi tradisi kupatan namung setunggal trdisi wiyaren kaliyan nyameptakaken
ketupat, sakwarni tedhan utawi uwos ingkang dipunmasak ugi dipunbungkus ron
utawa janur kanthi wujud prisma saking anyaman lan kersaa menawi segi sekawan.
Amargi kupatan anggadhahi ancas kang wigatos sanget. Tardisi kupatan budhal
saking upaya-upaya Walisongo ingkang
mbiyarakaken agami Islam, amargi jaman rumiyin tiyang Jawi ngginakaken
simbol-simbol menika. Pungkasanipun para Walisongo ngginakaken cara kasebat,
dados tradisi kupatan ngginakaken
simbol janur utawi ron glugu anem
arupi jene.
Amargi
Janur padhatanipun dipunginakaken masyarakat jawi lebet kawontenanipun remen.
Mliginipun dipunpasang menawi wonten adicara panggih temanten utawi mantenan.
Janur menika saking bahasa arab inggih menika “Ja a Nur” anggadhahi ateges sampun dhateng sunar/Cahaya. Setunggal pangajab cahaya utawi sunar tumuju marang rahmat
Allah.
Kupat
menika ateges paring semangat sami ngapuntenaken , inggih menika sami semangat taubat
dhumateng gusti Alloh s.w.t ,ugi dhateng sesami. Kanthi pangajab taubat boten
badhe malih nyacat kaliyan kalepetan ing mangsa ngajeng.
Kupat menika
mlebet Basa Arab,inggih menika saking tembung “Kaffi”, ateges kuffat ingkang anggadhahi teges sampun cekap
pangajab, dadosipun kaliyan nyiyani setunggal wulan kathah ing wulan Ramadhan
lajeng wiyaran ing 1 Syawal ugi dipunlajengaken kaliyan siyam sunnah enem
dinten syawal, mila tiyang-tiyang ingkang kuffat ingkang rumaos cekap
ibadahipun. Menika sami kaliyan hadis kanjeng Nabi inggih menika Siyam
setunggal warsa kebak utawi Siyam ing Wulan Ramadhan.
Nuwun,
Nara
Sumber : Agustina Lilis Triyani
gambar : www.solopos.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar