Selasa, 02 Desember 2014

Kesenian Budaya Jawa


"Ebleg"  Kuda Lumping

Budaya jawa sing awujud kesenian Ebleg utawa Jaran Kepang iki sering di temokake ana desa kalitengah,wonokriyo,gombong lan sekitare.  Biasane di lakokake saben dina-dina tinemtu kaya mangeti dina kamardikan lan dina liyane. Uga kanggo sarana ngormati lan laku syukur marang gustine marang apa bae sing uwis di paringake uga kanggo sarana ngurmati tumekane wulan udan lan kanggo ngrayakake hajatan. Jaran kepang biyasa di arani “Ebleg” marang warga gombong yaiku tansah dilestarikake pertunjukan sing awujud Tari-tarian prajurit jaman biyen nganggo jaran gawean utawa jaran-jaranan saka Pring sing di anyam dihiasi lan dicet miturut keseniane pengrajin.

Ebleg di lakokake ora dhewekan yaiku ora liya di iringi marang seperangkat gamelan lengkap karo para penabuhe utawa niyagane lan sindhene. Ebleg di lakokake rame-rame utawa rombongan amarga kaya-kaya nggambarake para prajurit sing pada mangkat perang gagah lan prakosa. Uwong sing ngatur wiwitan nganti pungkasan yaiku pawange utawa uwong sing pinter, biyasane nganggo klambi serba ireng lan blangkon ireng lan nggawa pecutan. Barang sing uwis disiyapake yaiku  Sesajenan kembang (mawar, melati, bayem, pandan, kanthil, lan kembang setaman liyane) degan, gedhang raja ambon, minyak wangi, kendhi, pecahan kaca lan anak pithik utawa kuthuk sing mengkone dipilih lan dipangan marang sing mendhem. Uga disiyapake jaran kepang sing gawean saka pring anyaman uga barongan sing mengko di enggo sarana kanggo uwong sing mendem.

Pertunjukan di wiwiti marang Pawange yaiku ngurupake geni marang areng sing nduwure di glethakake menyan lan di dongani marang pawange. Banjur kukuse sumebar marang uwong sing  padha nonton lan mecutake ana lemah kaping-kaping banjur katon pada mulaih kesurupan marang roh utawa arwah sing mau di undang utawa marani. Di tambaih gendhingan-gendhinga sing marakake rame lan semangat. Uwong sing pada kesurupan werna-werna yaiku bisa saking penonton, sing padha dodolan , lan uga marang para niyagane merga saklebone uwong sing lagi kepengin mendhem uga sing lagi kosong pikirane. Wong sing mendhem di gawa ana tengah pelataran sing uwis disediyani banjur pada milih jaran kepang utawa barongan sing arep dinggo dolanan lan ana uga slendang kanggo njoged.

Panganan sing uwis di sediani biyasane di pilih kanggo di pangan lan marani marang uwong  sing njagani utawa sing dodolan sesajenan mau. Acara iku di lakokake wiwit jam siji nganti jam lima utawa maghrib sing di pungkasi marang pawange yaiku nambani lan ndongani uwong sing padha mendem eben mari lan sadhar maning yaiku ngusapake tangane karo di damu marang raine lan tangan sikile sing mendem. Banjur sakuwise kabeh sadar sinambi diiringi tabuhan gamelan gendhing-gendhing semangat  kanggo  pungkasan.

Ebleg ana Gombong Kebumen lan sekitare di lestarikake kanggo nguri-uri kesenian budaya jawa, lan kanggo ngenalake kesenian lan sarana hiburan marang wargane uga generasi mudhane sing nerusake. Ebleg uwis di lakokake wiwit mbiyen nganti saiki sing sering ditanggap utawa dipentasake ana ing daerah-daerah. Salah sijine yaiku kesenian Ebleg ana wilayah Gombong,Kebumen . 

Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar