Sabtu, 06 Desember 2014

Kesenian Tari Bedhaya


Seni Bedhaya Kraton Ngayogyakarta
“Beksa gagrak Ngayogyakarta sumbere saka babat Prajurit sawise perjanjian Giyanti wujude isih Sinom”,  mangkono pangendikane KRT. Pujaningrat sing keturunan Rama Dinusatomo sing nyepuhi Pamulangan Beksa yayasan Siswa Among Bekso Yogyakarta.

Bedhaya mujudake beksan sakral sing digelar saben ana pangetan tingalan dalem Sultan utawa Jumenege Dalem. Ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat Beksa Bedhaya Wirana kawit jamane Kanjeng Sinuhun Prabu Sultan Aagung Hanyokrokusumo ing Babad Cigolek . Tumekaning titi wanci iki Beksan Bedhaya isih dianggep sakral. Jalaran penari Bedhaya manut adat jaman kawuri kudu ngenut keksan gagrak Ngayogyakarta.

Rama dinu nerusake pangendikane swargi BPH. Soeryadiningrat abdi beksan klasik saka kridha beksa Wirama menehi definisi menawa ingkang dipunwastani Joged inggih punika ebahing sedaya sakndhuwuring badan kesarengan ungele gangsa , katata pikantuk waramaning gendhing , jumbuhing pasemonn kalian pikanjenganipun joged.

Wawasan liya saka swargi KPH. Brotodiningrat ngendikaake menawa tari kaperang ing sakwernaning tatanan , wiraga inggih punika ptrap ingkang endah , senadyan dereng karuntutake kaliyan wiramaning gendhing nanging sampun angresepaken . Joged inggih punika patraping wiraga solah tingkah sakndhuwuring badan ingkang sampun katata sarwa endah. Hanjoged inggih punika tumindaking wiraga ingkang sampun katata sae pakoleh kalian wiramaning gendhing. Mustikaning jagad inggih punika wiraga ingkang endah sampun jumbuh lan pasemoning ulat.

Pangeran Mangkubumi sing sabanjure Jumeneng Nata ing Kraton Ngayogyakarta saka taun 1755-1792 kagungan kawigaten gedhe marang seni budaya. Lan lelandhesan filsafat Beksan Kraton Mataram Islam kanthi kelambaran disiplin kaprajuritan. Merga kala semana jamane perang sing dadi penari racake prajurit saka Bregodo Nyutra, Prajurit Tsunajaya. Tekan taun 1940 kesenian terus mekar. Para raja (sultan) sakeluargane klebu pangeran , patih, bupati dikudokake beksa. Joged mataraman anggone medharake mung cukup secara lisan antaraning guru lan siswa.

KPH. Brotodiningrat ilmune beksa saka gurune sing asma raden Rija Kertaatmaja, sawijining guru beksa sing mumpuni lan utama ing jamane Sultan Hamengku Buwana VII. Beksan Mataram nengenake iman sewiji. Greget, sengguh, ora mingkuh. Lan iringane wujud gamelan , lagon, kawin, ada-ada, suluk uga kandha. Antarane beksa lan karawitan kudu sejajar padha-padha ditemtokake lan kaiket. Minangka conto gendhing-gendhing beksan Bedhaya , Srimpi lan Lawung Gagah.

Bab Beksan Bedhaya sing ana Kraton Ngayogyakrta Hadiningrat kaya sing dingendikake Rama Dinusatomo saben Sultan kudu yasa Beksan Bedhaya, minangka contho Sultan HB II yasa Bedhaya Babad Layon, lan Bedhaya Buntit, lan Bedhaya Bedhah Mataram. Sultan HB VIII yasa Bedhaya Purwa Gilang , Bedhaya Buntit , lan Bedhaya Simam. Dene Sultan HB IX yasa Bedhaya Purwa Gilang , Bedhaya Sapto, Bedhaya Indro Kusuma, lan Bedhaya Manten. Sultan HB X yasa Bedhaya Jumenengan Harjuna Wiwaha, Bedhaya Sang Amuwabumi, lan ing taun 2010 Bedhaya Harjuna Wijaya . Bedhaya Sang Amuwabumi mujudake beksa spiritual spirit patriotsm lan filosofi kepemimpinan sing awatak satriya tuhu menang janji, tabah, lan kulinah sarta toleran kabecikan lan sosial.

Ing serat Paraton saka palakramane Sang Amurwabumi kana prajuapanamita menawa garis katurunan kapimpinan isih durung cukup kanthi negdelake garis katurunan mung kudu remasuke wahyu bukti luluse laku. Ajaran Hasta Karma Pratama sing diturunake marang Sang Amurwabumi dening mpu Pana wujud Pancadan sawijining pemimpin anggone nindakake jejibahane. Ngono wawasan saka makna Bedhaya Sang Amuwabumi yasan Dalem Sultan HB X.

Pralambang Blegering Manungsa

Beksan Bedhaya penarine kabeh ana sanga (9) lan kudu isih prawan lan pasa. Nanging ing jaman saiki wis ora pasa maneh saben arep nindakake beksa. Bedhaya cacahe 9 mau karakit ing sisih tengah cacah lima (5) kiwa tengen papat dadi jangkep sanga (9). Tatanan mau wujud blegering manungsa : Sirah, badan (Gembung), Tangan lan suku. Sing ana tengah cacahe lima (5) yakuwi kaarani Endhel , Mbatak, Jangga, Dhadha. Lan Bunthil Sing isih kiwa tengen kaarani Endhel. Mbatak, Jangga, Dhadha, lan Bunthil sing isih kiwa tengen kaaran taman apit Ngarep lan Apit Wingking.
Loro Endhel wedalan ngarep lan mburi menawa digunggung cacahe ana sanga. Sawise wujud manungsa kaparingan mundak limang perkara: nan, raksa, roh napsu lan budi. Asale saka patang perkara, Tirto Kamndanu, Maruta Baskara, lan Swasana. Mbatak minangka sirah sing keanggon pancadriya (panca indra) keanggon , pamireng, pangudha, pangrasa, (rahosing salira) lan rasa (rahosing tutuk). Mula Jangga Dahadha lan Bunthil mung ngenut lakune mbatak. Bedhaya cacahe sanga tegese badane manungsa prabotaning lalangan ana sanga, mripat 2, kuping 2, irung 2, tutuk 1, amban 1, sarta kelamin 1, dadi cacahe sanga. Balunge cacahe sanga mau kabeh umat kadunungan lan bisa dimampaatake samangsa-mangsa.
Merga Bedhaya klebu beksan sakral sing ana kraton asring kangge aspirasi para koreograper tari. Akeh para Koreograper pinunjul pada nyipta beksa Bedhaya manut cara lan versine dhewe-dhewe. Milah pihak Kraton dhewe marengake. Para Penari saka njaba bisa njoged bedhaya sing ana kraton. Kanthi mangkono bedhaya sing ana Kraton kajaba sing njoged para Putri Dalem Sultan uga ana mahasiswi ISI. Tentu irah-irahane sarta sandhangan lan carane maesi uga beda karo sing asli.
Nuwun,



Sumber : Sanijo RaFSsm, Panjebar Semangat juli 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar