Barokahe
Yen Kita Tangi Esuk
Dening
: Drs.H.Toewadji S.
Salah sawijining upaya kanggo pambiyantu
nylametake lan njaga marang keslametaning awak sarta nikmati marang kasarasan
lan kekuataning awak, yaiku netepi hak-e awak, awujud istirahat kang samadya (tidak
berlebihan). Ora kok banjur ngombe kopi sing ginastel (legi panas tur kenthel).
Pakarti kang mangkene iki, ateges ora netepi hak-e mripat kang samestine kudu
istirahat. Mangkono sapiturute. Ya ngene iki sing dadi kawigatene para ahli
medhis, trep karo kasunyatan sing dialami dening anggota masyarakat.
Kajaba saka iku supaya luwih mantep, coba kita
priksani katerangan kang dipethik saka “kitab Al’Haqiqatuth Tibbiyah fil Ilam
antara liya nerangake mangkene : “Manungsa mono awake ndarbeni hak istirahat,
ing pangangkah supaya uteg bisa istirahat, syaraf-syaraf bisa tentrem (tenang),
semono uga otot-otot ora kaku (tegang). Kanthi mangkono, geger (pinggang) ati,
paru-paru sarta sakabehing anggota badan kita bisa krasa lerem (nyaman).
Kabeh mau yen dinalar, pranyata istirahat sarana
turu iku ndarbeni hikmah, Kita bisa kalis saka sakwernane gangguan sing
mengaruhi jiwa lan pikiran kita. Iki trep karo dhawuhe Allah mangkene jarwane,
kurang luwih:
a.
Nalika Alloh nglimputake rasa ngantuk marang
sira kabeh, amrih tentreme.... (Q.S Al-anfal (8):11).
b.
Alloh banjur nuwuhake marang sira kabeh
katentreman sawuse kasusahan, yaiku marang golongan saka sira padha liyep-liyep
ngantuk. Dene golongan liyane padha katungkul (mentingake) marang awake
dhewe............(Q.S. Ali Im’ran
(3):54).
c.
Lan Ingsun andadekake anggon sira turu minangka ngaso
(istiahat)....(An-Naba) (78) :9).
Dadine wigati banget, kita kudu istirahat
(ngaso)saka sapangangkah supaya awak (badan) mau ngaso. Iki mau pratandha yekti
kekuwasaning Allah, yaiku turune manungsa ing wengi lan rina sarta upaya ngudi
kanugrahaning Pangeran kang maha kuwasa. Dhawuhe Allah cetha banget: “Lan saka
sawenehe tandha yekti kasampurnane kekuasaane Allah, yaiku anggonira turu ing
wayah wengi kanggo ngaso, sarta sira ngupadi rejeki kanugrahan ing wayah
awan....” (Q.S. Ar-Rum (30): 23).
Gemblenge mono, manawa kita ndarbeni kawigaten
marang pituduh –pituduh Al-Qur’anul Karim sarta hadist Rasululloh SAW. Kaya
kang wus kaatur ing ndhuwur, kita bisa methik manfaat kaya kang wus dianjurake
dening para dr. Spesialis ing babagan iki. Antara liya nerangake , menawa:
“Prabeda antara turu wayah wengi lan turu wayah awan, yaiku : Turu ing wayah
wengi manfaate luwih gedhe. Ing kene awak bisa ngrasakake manfaat kang matikel,
tinimbang turu awan. Sebabe, turu ing wayah awan kang kebak kesemrawutan
(kebisingan), sarta sinar Srengenge sing panas, kabeh mau darbe pengaruh marang
sistem syarafe manungsa.
Para ilmuwan wus kasil nemtokake kelenjar sing
karan “kelenjar Pineal”, sing dumunung ana ing uteg, darbe fungsine ngasilake
zat”melatonin”,Prodhuksi zat iki bisa luwih akeh, nalika swasana dadi peteng
dhedhet. Dene yen wektu awan karana cahya (sinar) iku sing dadi pepalang (penghalang),
ora bisa ngasilake zat kasebut. Zat melatonin iku ndarbeni pengaruh langsung
nalika kita turu.
Petenge wengi kang binarung ketentremaning wengi
(wengi kang tentrem), mandhege samubarang aktifitas, cahya Rembulan purnama
sidi ing wengi iku, kabeh njurung marang tuwuhing swasana nyaman, saengga kita
bisa istirahat
Secara sains wus cetha (terbukti), manawa kadar
ultra violet banget efektif nalika wektu fajar. Cahya esuk iku bisa njurung
marang kulit bisa ngasilake vitamin D.
Kajaba saka iku, kanthi nyimak apa kang wus
katur ing ndhuwur, pranyata gumantine wayah rina lan wayah wengi, iku ngandhut
makna kang mirunggan. Hikmahe, sok sapa wonge kang bisa manfaatake kanthi
ibadah lan amaliyah trep karo tuntunan syar’i lan tuladha ing babagan medhis,
bakal nuwuhake kanugrahan Donya lan Akhirat. Dene pawongan kang nglirwakake ing
babagan iki bakal kapitunan uripe becik ing Donya tumekeng Akhirate.
Mangkono Pak Prap sing bisa dakaturake , muga
muga panjenengan bisa tambah kaweruh ilmu agama Islam sarta kalebu ewoning
pawongan kang bisa manfaatake gumatine wayah rina lan wayah wengi sarta ngalab
berkahe wungu esuk, becik miturut wawasan syar’i lan medhis. Kita nyuwun marang
Gusti Allah Dzat Kang Maha Kuwasa, aja nganti kita klendran sarta kapitunan ing
tembe burine. Nuwun.
Kapethik saka Panjebar Semangat maret 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar