Lir-Ilir
Lir-ilir diciptakake dening Sunan Kalijaga. Nganti
saiki, tembang iki taksih dikenal utawa misuwur ana kupinge wong jawa.
Lir-ilir, lir-ilir
tandure wis sumilir
Tak ijo royo-royo tak senggo
temanten anyar
Cah angon-cah angon penekno
blimbing kuwi
Lunyu-lunyu yo penekno kanggo
mbasuh dodotiro
Dodotiro-dodotiro kumitir bedhah
ing pinggir
Dondomono jlumatono kanggo sebo
mengko sore
Mumpung padhang rembulane mumpung
jembar kalangane
Yo surako… surak hiyo…
Lir-ilir , judul saka
tembang ana ndhuwur, dudu namung tembang dolanan biasa nanging tembang ing
ndhuwur kuwi nduweni ateges utawa ngandung makna sing jero banget.
Tembang karyane
Kanjeng Sunan kuwi ngawehake hakikat kanggo ilmu panguripan sing bentuk utawa
awujud tetembangan endhah. Carrol McLaughlin, Profesor harpa saka Arizona
University kuwi ngagumake lan seneng marang tetembangan kuwi, dheweke sering
nganggo tetembangan kuwi. Maya Hasan, sing uga pemain Harpa saka Indonesia
pernah ngomong yen dheweke kepengin ngerti filosofine lagu kuwi. Para Pemain
Harpa kayata Maya Hasan (Indonesia), Carrol McLaughlin (Kanada), Hiroko Saito
(Jepang), Kellie Marie Causineau (Amerika Serikat), lan Lizary Rorigues (Puerto
Rico) pernah nerjemahake tembang iki ana njero musik Jazz kanggo konser musik
“Harp to Heart”.
Makna Tembang
Lir-ilir,
lir ilir
Tembang kuwi diwiwiti
karo tembung lir-ilir sing artine yaiku Tangi-tangi utawa urip-urip (sejatine
turu kuwi mati) bisa uga diartikake kanggo nyadarake. Nanging sing perlu
mangerteni ing kene yaiku apa sing pelu digugah ?
Apa sing perlu
diuripake ? urip apa ? ruh ? kesadarane ? pikirane ? terserah pribadhine dhewek
sing penting ana sesuatu sing kudu diuripake, lan aja kelalen ana kene ana
unsur angin, yaiku cara nguripake apa sing obah. Obah ngasilake angin. Lan kuwi
ajakane kanggo dzikir. Yen laku dzikir kuwi ana sesuatu sing diuripake.
Tandure
wus sumilir, tak ijo royo-royo tak senggol temanten anyar.
Kalimat kuwi nduweni
ateges yen uwis nglakokake laku dzikir banjur ana kono pikantuk manfaat sing
bisa nguripake uwit sing ijo lan endhah. Uwit ana kene yaiku sesuatu sing
nduweni manfaat akeh kanggo manungsa. Penganten anyar, ana sing ngartikake dadi
Raja-raja Jawa sing tembe mlebu agama islam. Mula sumebare perkembangane masyarakat
kanggo mlebu agama islam, nanging tembe dadi dasar yaiku kaya penganten anyar
sing nembe mlebu panguripan anyar sajroning mbojo.
Cah
angon cah angon penekno blimbing kuwi.
Cah angon maksude yaiku uwong sing mampu
nggawa makmume utawa ingon-ingone marang dalan kang bener. Blimbing kuwi nduweni warna ijo sing dadi cirine agama Islam.
Banjur Blimbing nduweni wujud sing kabentuk dadi lima dadi Blimbing kuwi
isyarat saking agama Islam sing artine nggambarake rukun Islam sing dadi
tiyange agama Islam. Penekno yaiku
Para Wali ana kene ngajak Raja-raja Jawa kanggo njupuk utawa mlebu agama Islam
lan ngajak masyarakate kanggo ngetutake tapak para Raja sing nglakokake laku
Islam.
Lunyu-
Lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro.
Nadyan kangelan, akeh
alangan nanging kudu tetep usaha kanggo ngresiki klambi. Klambi ana kene yaiku
Taqwa. Klambi sing diibaratake taqwa kuwi kudu diresiki.
Dodotiro
dodotiro, kumitir bedah ing pinggir.
Kalmbi sing artine
ketaqwaan kuwi kudu diresiki yen mangerteni ana sing elek-elek kudu di
singkirake , ditinggalake lan dibenerake yaiku didondomi nganti klambi kuwi
endhah. “Sakapik-apike klambi yaiku
klambi sing taqwa”
Dondomono
Jlumatono kanggo sebo mengko sore.
Pesen saking para
Wali ana kene yaiku yen uwong arep tumeka pati lan arep nemoni Sang Akarya
Jagad kanggo nanggung jawab apa sing uwis dilakokake ana ndunya. Mula para wali
ngajak kanggo nyempurnakake ajaran ana agama Islam supaya kowe selamet nganti
tumekane dina anggone nanggungjawab.
Mumpung
padhang rembulane, mumpung jembar kalangane.
Para wali ngelingake
supaya uwong sing nganut Agama Islam kanggo nglakokake kuwajibane mumpung
lawange taksih kabukak amba , mula kanggo manfaatake kesempatan sing ana ngarep
mata, lan umur taksih diparingake saking gustine.
Yo
surako surak hiyo.
Ajakane Para wali
disambut kanthi rame “ ayo padha nglakokake syariat islam” kanggo nandakake
kesenengane umate.
“Hai orang-orang yang beriman, penuhilah seruan alooh
dan seruan Rasul apabila Rasul menyeru kamu kepada suatu yang memberi kehidupan
kepada kamu (Al-Anfal:25)
Sunan Kalijaga
Tidak ada komentar:
Posting Komentar