Misteri
Kebo Kyai Slamet
Dening
Setyowati
KYAI
SLAMET, Jenenge kebo bule Kraton Surakarta Hadiningrat, sing nganti tekan saiki
isih dikeramatake. Ing Surakarta, Jeneng Kyai Slamet ora mung diduweni kebo
bule wae, nanging uga pusaka wujud tumbak sipat kendel Kraton Kasunanan ,
nduweni jeneng kang padha. Kebo bule lan tumbak Kyai Slamet, mujudake tinggalan
sejarah Kraton sing ora bisa dipisahake.
Mligine
tumrap adat upacara Kraton Surakarta, sing diarani Kirab Pusaka. Kyai Slamet tetep
dadi punjere rerangken sing ora kene keri. Upacara tradhisi Kraton kasebut
ditindakake setaun sepisan ing saben tanggal 1 Syuro (Muharam). Arak-arakan
maneka werna pusaka kasebut dikirab ngubengi Kraton, dene sing dadi cucuking
lampah ora ana liya kejaba tumbak lan Kebo Bule Kyai Slamet. Mesthi wae barisan
kirab pusaka sing katindakake ing tengah wengi mau, ngundang pengunjung cacah
ewon lan madheti Kutha Solo.
Pancen
Kyai Slamet dudu kebo sembarangan, nanging kebo sing tansah dipundhi-pundhi lan
dikurmati dening warga Solo. Kabukten ing saben sasi Syura, warga Solo lan saka
njaban rangkah ngebaki kraton saperlu padha golek berkah liwat tlethonge si
kebo. Malah kepara tlethonge kanggo rebutan, diajab sing percaya bisa marekake
lara panas tumrap bocah balita, gampang jodhone, gampang rejekine lan akeh
maneh liyane.
Tekan
saprene Kyai Slamet ora ana sing wani ngganggu gawe, senajan kebo bule mau
dolan menyang ngendi-endi sapa wonge sing ditekani malah aweh pakurmatan,
kanthi menehi pangan wujud suket utawa gegodhongan liyane.
Manut
katrangane Mbah Marjosugondo (82) tilas abdi dalem kraton, ndhisik pasar Gading
sing dununge sakidule kraton Kasunanan, kena diarani rame banget. Pancen pasar
Gading, mujudake sawijining pasar sing dadi punjere warga sakiwa tengene Kraton
Kasunanan. Ma-neka werna jajan pasar, woh-wohan, goreng-gorengan, sayur-sayuran
kang majangi wewangkon pasar. Wektu semana kebo bule Kyai Slamet seneng senja
mubeng-mubeng jroning pasar. Kanggone bakul pasar yen wis diliwati Kyai Slamet
recake padha seneng, marga dialap berkahe.
Emane,
kewan sing kanggo poyokan ‘bodhone kaya kebo’ mau ora seneng ngganggu, arepa
akeh gegodhongan lan jajanan sing digelar. Malah kepara nyingkiri lan ora gelem
gawe ribut ing tengah pasar, senajan wetenge luwe. Ning anehe, sauger para
bakul mau pating cruwet nawani barang dagangane, lagi gelem mangan. “Lucune,
sawise ditawani, Kyai Slamet mripate mlirak-mlirik lan milang-miling panggonan
ana ngendi sing disenengi. Ora let suwe kebo bule mau marani wong dodol
goreng-gorengan, kang majang gedhang gorengan, kang majang gedhang goreng,
limpung (tela goreng), blanggreng, tape goreng, lentho lan timus, ning sing
dipilih mung gedhang goreng.” Andarane mbah Marjo marang PS. Tumrap sing dodol
goreng-gorengan bungahe ora jamak, jalaran bakal entuk berkah. Nyatane pancen
mangkono, wi-wit dina iku nganti 35 dina (selapan dina ) dagangane dadi laris,
durung nganti rong jaman goreng-gorengan wis entek gusis.
Mbah
Marjo nambahake crita, wektu pusaraning kraton diasta dening Sri Su-suhunan PB
X (1893-1939), Kyai Slamet dhemen ngumbara nganti wulanan (6-7 wulan). Akeh
warga sing padha nyumurupi utawa mrang-guli tekan tlatah Klaten, Wonogiri,
Boyolali lan Salatiga. Eloke ngarep-ake sasi Syura Kyai Slamet wis mulih ing
kandhange. “Perkara iki, kene percaya kena ora.”pratelane Mbah arjo serius.
Babagan
crita Kyai Slamet uga dikuwatake dening Raden Ngabehi Tiknoprpanoto, kanthi
bu-kune ‘Sekar Wijaya Kusma ‘ Yen kebo bule wektu PB X seneng ngumbara tekan
njaban rangkah. Saking remene marang sato kewan ,Sang Nata kerep dhawuh marang
abdi daem kinasih, saperlu ngupakara Kyai Slamet kanthi becik aja nganti
katalompen.
Sasuwene
Kyai Slamet ngumbara tekan njaban rangkah (njaban wewengkondhaerah keraton).
Ora ana wong wani nyenggol, nggusah utawa miara keno mau, padha wedi kena
bebendu. Wis ana kedadeyan, ana wong kang kepengin nyoba naleni (nyencang) ing wit nangka. Durung nganti 30
menit, wong mau tiba semaput ora eling , saengga dadi gegeran. Ora wurung
nekakake wong pinter (paranormal) saperlu ngusadani wong mau. Ora let suwe ws
eling awake dadi panas lan ndleming,
Nyeluki Kyai Slamet. Bareng ditelusuri jebul kebo bule mau dicancang ing
wit nangka , nuli enggal wae diuculi taline. Ucul saka cencangan mau, Kyai
Slamet banjur saba maneh kaya adate. Ora gantalan wektu wong mau enggal bali
pulih kaya wingi uni lan kapok ora wani ngganggu maneh.
Jaman Sulatan Agung.
Jroning
crita tilas abdi dalem kraton jlentrehake, nintingi sejarah Kyai Slamet wis ana
wiwit jaman Sultan Agung Kraton Mataram, kebo lanang kang nduweni awak prekosa,
kulite putih semburat abang mau katon mrebawani Wangune Kyai Slamet keturunan
(Turun-temurun) wiwit mataram nganti tumeka Kraton Kasunanan.
Rikala
jaman Sultan Agung, Kraton Mataram ngadani pasewakan agung, dumadakan ana
kedadeyan sing ngagetake. Pranyata kawasan ‘Perkampungan’ caket kraton ana kobongan
nggegirisi, saengga geni sing mangalad-alad
mau, pranyata gawe mirise warga wewangkon kraton Mataram. Anehe ing aben
geni mau nerjang payon bangunan kraton, nuli bali maneh. Kaya-kaya amukan geni
sing mulad-mulad mau, ora kuwagang ngobong Kraton Mtaram. Antarane geni kang
nggegirisi karo Kraton , ana sawijining
omah gubug payone saka rapak ora bisa kobong . Kamangka geni mau wis
mbuntel omah gubug nganti ora ketok.
Jroning
pasewakan mau, ora dinyana-nyana katekan abdi dalem Demang aweh palapuran, yen
wilayah kampung caket Kraton saperangan
gedhe wis ludhes dadi awu. Anehe ana omah gubug cedhak kampung katon isih
wutuh, gosong wae ora, semono uga tetuwuhan wujud wit gedhang lan kates isih
seger. Prastawa aneh sing gawe cingak mau, ndadekake Sultan Agung gumun banget,
saengga kepengin niti priksa. Bareng nyumurupi kahanan sing sabenere , Sang
Nata gedheg-gedheg marga ora ketemu nalar. Ing atase omah gubug mau dikupengi
omah kampung kang entek dadi awu, lha kok gubug sakpekarangan wutuh.
Sawise
ditliti kanthi premati, jroning omag gubug mau tinemu kebo bule kang nyenggut
suket sarta sawijining wong tuwa kang lagi lungguh sila nyekel tumbak,
nindakake semedi. Rampung anggone semedi, dening abdi dalem utusan kraton
ndhawuhi pawongan mau sowan Sultan Agung. Nalika pawongan mau sowan, kabeh
dicritakake marang Sang Nata mula bukane entuk tumbak lan kebo bule mau. Durung
tutug anggone caos palapuran, krungu kabar kampung mburi kraton uga kobongan.
Supaya geni mau ora mrembet tekan Kraton, Sultan Agung enggal mrentahake
pawongan mau ngubengi kampung kanthi nggawa tumbak kang ampuh lan nuntun kebo
bule. Bareng wis kemput ngubengi kampung sing kobongan mau, sanalika geni mau
dadi sirep.
Wiwit
iku uga kebo bule, tumbak sarta pawongan mau, mlebu Kraton Mataram.
Gegandhengan kebo bule lan tumbak mau bisa nylametake Kraton Sang Nata nuli
maringi jeneng ‘Kyai Slamet’. Dene pawongan
mau diparingi kalungguhan dadi Tumenggung, kanthi tenger ‘Maesoprawiro’.
Nuwun.
Kapethik
saka Panjebar Semangat Oktober 2000
Tidak ada komentar:
Posting Komentar