Selasa, 23 Desember 2014

Aksara Jawa

Sejarah Aksara Jawa
Asal Mula
Aji Saka yaiku Legenda Jawa sing nyeritakake tumekane peradaban ana tanah Jawa, Legenda kuwi digawa dening Raja sing jenenge Aji Saka. Kisahe uga nyeritakake asal kedadeyane Aksara Jawa.
Aji Saka asale saka Bumi Majeti. Bumi Majeti yaiku negara sing dikuwasani dening Aji Saka ana sing nafsirake Aji Saka asale saka Jambudwipa (India) suku Shaka (Scythia), banjur dijenengi Aji Saka utawa Raja Shaka. Tekane Legenda iki nglambangake tumekane Dharma yaiku ajaran Hindu-Buddha ana Pulo Jawa. Nanging uga ana sing nafsirake yen tembung Saka asale saka basa Jawa. Saka utawa soko sing tegese penting, pangkal, utawa asal muasale. Banjur jenenge nduweni ateges “Raja kawiwitan” utawa sing pertama. Mitos iki nyritakake Pahlawan sing nggawa peradaban, tata tertib lan aturan ana tanah Jawa, uga nyritakake Raja sing ngalahake Raja Raksasa penguwasa pulo Jawa. Legenda iki uga nyebutake yen Aji Saka nyiptakake Tarikh utawa Taun Saka, lan Raja kawiwitan sing nganakake tanggalan Hindu ing Jawa. Kerajaan Medang Kamulan yaiku kerajaan sing digayutake karo Kerajaan Medang ana Sejarah.
Nggawa Peradaban Jawa
Pulo Jawa panggonan sing uwis bisa dienggoni nanging sing pertama manggon ing pulo Jawa yaiku Bangsa Denawa utawa Bangsa Raksasa sing biyasa memangsa manungsa. Kerajaan pertama ana Pulo Jawa yaiku Medang Kamulan  sing dikuwasani raksasa Prabu Dewata Cengkar, Raja raksasa sing nduweni kebiyasaan mangan manungsa lan rakyate.
Biyen teka pemudha sing bijaksana yaiku Aji Saka lan nduweni niyatan kanggo nglawan Prabu Dewata Cengkar. Aji Saka asale saka Bumi Majeti, nanging sawektu arep mangkat dheweke wenehi weling marang abdine yaiku Dora lan Sembodo, yaiku yen dheweke mangkat, Dora lan Sembado kudhu njagakake Pusakane Aji saka. Uga ora ana sing entuk  njupuk Pusakane saliyane Aji Saka dhewe. Nanging satekane ana Jawa , Aji Saka tumuju marang Kerajaan Medang Kamulan. Aji Saka akhire bisa ndorong Prabu Dewata Cengkar tekan laut Kidul (Samudra Hindia). Dewata Cengkar dhurung mati , Dheweke malik wujud dadi Buaya Putih utawa bajul Putih. Banjur Aji Saka ngganteni nguwasani lan dadi Raja Medang Kamulan.
Ula Raksasa
Ana desa Dadapan ana sesepuh wadon, nemokake endhog. Banjur dheweke nggletakake endhog mau ana lumbung pari. Sapirang-pirang dina endhog mau ilang lan diganteni utawa malik ula gedhe ana lumbung mau. Uwong-uwong ana desa ngupayakake kanggo mateni ula mau, nanging jebul ula mau ngomong “Aku anake Aji Saka, mula gawa aku ana ngarepe!” Banjur ula mau digawa ana Istana. Aji Saka gelem ngakoni ula mau dadi anake nanging Aji Saka ngaturake sarat yaiku ngalahake  utawa mateni Bajul Putih ana laut Kidul. Banjur ula mau nyanggupi, lan mangkat kanggo tarung karo Bajul Putih, sasuwene tarung  akhire Ula mau bisa mateni Bajul Putih.
Banjur  Aji saka ngakoni anake sing wujud ula lan dijenengi Jaka Linglung (anak lanang sing Bodho). Ana Istana Jaka Linglung mangsa pirang-pirang kewan. Jaka Linglung diusir marang Alas Pesanga. Ana Alas Jaka Linglung di jiret ana uwit ngatek ora bisa obah. Aji saka ngendhika,  Jaka Linglung ulih mangan apa bae sing mlebu marang cangkeme.
Kacarita ing Alas ana bocah lanang sanga cacahe sing lagi dolanan ana Gua. Saksuwene dolanan udan teka lan bocah-bocah mau pada ngiub ana Gua, jalaran ana bocah siji sing nduweni penyakit kulit dadi ora entuk mlebu. Banjur kedadean aneh yen Guane pada runtuh lan lawange ketutup watu, Bocah wolu sing mlebu mau ilang kekurung Gua sing sebenere bocah mau padha mlebu cangkeme Jaka Linglung .
Asale  Aksara Jawa
Nalika Aji Saka nguwasani Medang Kamulan, Aji Saka ngirim utusan marang umaeh yaiku Bumi Majeti kanggo ngabarake marang abdine sing setia yaiku Dora lan Sembodo, kanggo ngeterake Pusakane menyang Jawa. Utusane ketemu Dora lan ngabarake pesene Aji Saka, Banjur Dora marani Sembodo kanggo nidhoki dhawuhe Aji Saka, Nanging  Sembodo nolak wenehake Pusakane merga kelingan welinge Aji Saka Mbiyen “Ora entuk ana sing nggawa Pusakane kajaba Aji Saka dhewe. Dora lan Sembada banjur nduweni rasa curiga aja-aja Pusake arep dicolong, akhire kelorone tarung , nanging merga padha-padha kuwate kelorone padha-padha mati. Aji Saka sing nungguni Pusakane banjur balik marang Bumi Majeti. Satekane ana Bumi Majeti Aji Saka kaget ndeleng ana ngarepe yaiku mayate utawa bathangane Dora lan Sembada sing mangerteni jebul ana salahtangkep saking kelorone sing ndadekake pati. Banjur Aji Saka nyiptakake puisi kanggo abdine sing setia yaiku wacanan Aksara Jawa (hanacaraka).

Susunane alfabet aksara Jawa dadi Puisi Jawa sing isine yaiku ;


Ha Na Ca Ra Ka     : Wonten utusan
Da Ta Sa Wa La      : Kekalihe sami selisih
Pa Dah Ja Ya Nya  : sami-sami nggadhahi kekuwatan utawa kejayaan.
Ma Ga Ba Tha Nga : menika Bathange.
Hana/ ana     : wonten
Caraka          : Utusan utawa dhawuh
Data               : Nggadhahi
Padha                        : sami
Jayanya        : kekuwatan, kadigdayan, kejayaan
Maga              : menika
Bathanga      : mayat utawa jisim, Bathang

         Sumbere saka http://id.wikipedia.org/wiki/Aji_Saka


Tidak ada komentar:

Posting Komentar