Senin, 29 Desember 2014

Atur pambagyo wilujeng



ATUR PAMBAGYO WILUJENG ING PAWIWAHAN SUNATAN

Dening  R.M.T. Warsito Pinilih
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten, bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Kula keparenga sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sakeco wawan pangandika.
Kula minangka tetalaning basa kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bapak Hadi Priyono sekaliyan, kula tianggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking tetenging wardaya.
Saking Bapak Hadi Priyono sekaliyan, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Pangeran ingkang Maha Agung, dene saged anjenengi pawiwahan supitan (sunatan) putranipun ingkang angka kalih namanipun Putra Baskara
Kaping kalihipun Bapak Hadi Priyono sekaliyan ngaturaken pambagyo sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung sumawana putri. Bapak Hadi Priyono sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak Hadi Priyono sekaliyan ngaturaken agunging panuwun, dene panjenengan sami ugi kersa paring berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang dipun khitan.
Panjenenganipun Bapak Hadi Priyono sekaliyan rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan kadi lelumban wonten samodra kencana , sekalangkung ndadosaken bombong bingahing manah.
Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng para sanak saherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga terpalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel.
Sarehne  Bapak Hadi Priyono sekaliyan mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken agunging panuwun mugi-mugi lumbering sih kanuraganing kautaman panjenengan angsal piwales kanugrahan saking Gusti Allah S.W.T. ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.
Kaping sekawan Bapak Hadi Priyono sekaliyan, nyuwun gungan panjenengan sekaliyan kersaa paring berkah pangestu wilujeng dhumateng putranipun ingkang mentas dipunicali sukeripun saged wilujeng nir ing pancabaya, sageda dados putra ingkang diwasa, remaja ngertos tanggel  jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi dateng bebrayan, kathah labuh labet dateng negari bangsa, lan ageminipun.
Mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken  palenggahan
Panjenengan sedaya, kiranging trapsila saha  mapanaken palenggahan panjenengan sedaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu, kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglantaraken bojokrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelengan, kersaa para tamu angluberna sih pangaksana.
Ing wusana para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka manggung saha angrakabi sadaya pasugatan lan lelengan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan punika.
Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika tasih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trepsilaning anggen kula matur, awit kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaa anglunturaken gunging samodra pangaksama.
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar