PERIBAHASA JAWA
Aji Godhong
garing : Menapa ingkang mboten
wonten ajinipun setunggil-setunggilipun.
Alon-alon
Asal Kelakon : Tiyang ingkang
nglakokaken padamelanipun kanthi tliti lan atos-atos . Iangkang dados
wigatinipun inggih menika kekarepanipun saged kalampahan lan maremaken, mboten
kesusu nanging kuciwa ing wingking.
Ambalang
tali : Tiyang ingkang dipuntulung kanthi kasaenan nanging dipunwales kanthi
kaawonan.
Ana
Catur Mungkur: Mboten kersa awor kaliyan usanipun tiyang sanes.
Api ora
: sejatine kesa nanging etok-etok mboten
kersa.
Arep
nangkane emoh pulute : Tiyang ingkang kersa narima econipun nanging mboten
ngraosaken usahanipun kanggo pikantuk menika.
Asu
njegog ora nyakot : Tiyang ingkang kathah wicaranipun menika mboten mbebayabi.
Baladewa
Ilang Gapite : Tiyang ingkang ajrih dipunmangertosi kekiranganipun utawa aib.
Bathok
Bolu isi Madu : Tiyang ingkang katingalipun lola an derajatipun asor, nanging
sejatine ngelmu sanget lan mulya penggalihipun.
Cedhak
Kebo Gupak : Cedhak utawa awor kaliyan tiyang ingkang awon , menika saged
ketularen awon.
Dawa
Tangane : Tiang ingkang nggadhahi karemenan nyolong utawi mendhet barang tiyang
sanes.
Ditlusur
Igane : Dipunpadosi kalepetanipun ngantos ingkang alit sanget.
Embuh
si Nila embuh si etom : Tiyang ingkang nggadhahi kaawonan piyambak nanging
remen nyariyosaken kawonan tiyang sanes.
Empol
Pinecok : Menapa kemawon ingkang saged dipunrampungeken.
Eyang-eyung
karepe : Tiyang ingkang nggadhahi kuwat ing tekad lan asring miyar-miyur ing
tekad (ragu-ragu)
Gagah
Kejibah, mingkah ketempuh : nglaksanakaken padamelan jaaran kapeksa.
Gagak
nganggo laring merak : Tiyang awon nutupaken badanipun kaliyan kelakuan ingkang
sae.
Gajah
ngidak rampah : nglanggar aturan ingkang sampun kadamel piyambak.
Harda
Walepa : Tiyang ingkang boten mangertos sopan-santun.
Ina
sabda : Tiyang ingkang kaical menapa kemawon nanging mboten wonten seksinipun.
Sumbere
saka : Prayitno, Andi.2012. Kamus Peribahasa
Jawa.Yogyakarta:Diva Press.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar