Carane
Nambani Maneka Jamur Kulit
Dening
:dr H.Rasyid M. Tauhid-al-amien,Msc., DipHPED
Ora
sethithikwong kang ora nggatekake kulite , kamangka kulit bisa uga kena
diobati. Malah ana uga infeksi kulit kang banjur bisa nuwuhakeremantik utawa
lara liyane, upamane yen ineksine mau dujalari dening kroma kang karan Streptococcus hemolyticus. Infeksi ing
kulit bisa uga diwiwiti dening werna-werna kroma, bakteri, virus , jamur, utawa
cacing. Kroma iki bisa thukul ing lapisan kulit paling njaba, ana ing lapisan
kang luwih jero, utawa ing jaringan sangisore maneh saka kulit.
Wedharan
Yen
ana jamur kang thukul ing kulit, jamure mesthi bae ora padha karo jamurkang
sering dienggo masak kae, jamur kang thukul ana ing kulit iki jamur kang
khusus, kang bisane katon yen dipriksa nganggo mikroskop. Kanthi pamriksan ing
kulit saliyane bisa manerteni pancen saka jamur apa merga liyane, denen yen
sebab saka jamur banjur jamur mau klebu bangsa apa, awit obat kanggo jamur
kulit ora mesthi padha.
Bangsa
jamur kang nukulake infeksi ing kulit bisa kagolongake kanthi sebutan bangsa Dermatophyte (Dermatofita) lan bangsa yeast (ragi). Dermatofita kuwi klebu
kang paling umum nuwuhake infeksi kulit. Jamur iki ora bisa thukul ing lapisan
kulit kang jero, mulane sering katon thukul ing kang kulit kawitan arupa
bunderan-bunderan mbisik kang tansaya amba. Pinggirane bunderan iki katon
mrintis katon luwih coklat utawa abang, awit ing panggonan kulit mau jamur iku
lagi thukul.
Dermatofita
kang bisa thukul ing kulit ora kok mung sawerna, nanging bisa akeh. Kena
diarani yen perangan awak siji lan sijine biasane uga bisa dithukuli jamur kang
ora padha jinise. Senadyan padha-padha lara jamuren. Saben wong ora mesthi
padha wujude, apa maneh yen ora padha resikone, Ana wong kang nalika kena lara
kulit jamuren mau nanging kang katon ora khas jamur iki, yaiku muncule
gatel-gatel kang sejatine reaksi alergi saka anane jamur mau, saengga nalika
lagi saka anane jamur mau, saengga nalika mertamba jamure bisa ora konangan.
Jamur
kang asring thukul ing sikil kang karan Tinea
Pedis, nuwuhake gatel kang nemen, jamur
iki ndadekake kulit mbesisik utawa sok nukulake radang (mbranang,
kemeng). Sarehne jamur seneng panggonan teles nanging anget, mulane manggone
ing cepitan selane driji, luwih-luwih yen tansah nganggo sepatu rapet, lan
kasut sikil saka nylon. Kasut iki katutan bibite (spora) nalikane kasut iki
dicopot utawa dikumbah. Ing kalangan olahragawan tular-tinulaan bisa kedaden
ing lemari sandhangan utawa ing ruang ganti klambi awit saka sinebare bibit mau
ing lemari utawa tegel kamar. Mulane jamur iki ora sethithik kang uga thukul
ing tangan, dlamakan, lan selane jliji.
Tinea Cruris kang
umume thukul ing langkangan bisa nemen banget gatele. Jamur bisa tumeka kene
iki awit tinularan saka sandhangan, andhuk, utawa sprei. Sarehne jamur kuwi
seneng panggonan kang teles nanging anget, mula wong kang kringeten akeh luwih
gampang kena jamur.
Jamur
kang thukul ing sirah karan Tinea Capitis
gatel nemen, yen tuwuhe ing panggonan
thukule rambut sering sinebut ketombe. Awit saka gatele mau sirah banjur asring
dikukur kang sebanjure nggampangake rontoge rambut.
Dene
Tinea corporis thukule ing awak
(gambung) yaiku ing dhadha, geger , weteng, thukule ing panggonan kang luwih
alus. Jamur iki klebu luwih gampang nular awit sporane bisa nempel ana ing
sandangan, andhuk, kuri, bekase tukang cukur kang kurang resikan, sato kewan
kang ketularan uga bisa nulari wong.
Infeksi jamur kang kena diarani paling akeh
nganti wis dianggep lumrah diarani panu kang ing kalangan dokter karan Tinea versicolor utawa Pityriasis versicolor. Jamur iki sok ora
nuwuhake gatel utawa kemeng babar pisan. Kang keton yen kena jamur iki kulite
dadi owah wernane , nyeje saka asline. Malah ing kawitan kulit ora beda karo
liyane, mulane katone yen wis rada nemen, kang ana kalane uga kulit dadi ireng.
Bangsa
jamu liyane ana kang karan Candida,
bangsane ragi, saliyane Thukul ing
kulit, bisa uga thukul ing “kulit” tutuk, suus, lan pawadonan Jamur kandida iki
kalebu subur ing panggonan kang teles, mula uga sering thukul ing kelek lan
slakangan. Wong kang pegaweyane ing panggonan kang teles gampang kena jamur iki
awit tangan lan sikile tansah teles. Yen jamur iki thukul ing kuku mula kudu
iki bisa mrepel utawa mumut, kuku mau bisa ilang.
Obate
Kaya
kang dak aturake ing ndhuwur yen bangsa jamur kuwi uga akeh, kang siji lan
sijine uga beda “kekuwatane” mula obat kanggo saben jamur sijine ora mesthi
bisa marasake saka jamur liyane, saengga dyan ana ugaa obat kang bisa marasake
meh kabeh jamur (broad spectrum). Mulane jamur apa kang sinandhang. Adate asil
saka pamriksan nganggo mikroskop wis bisa kanggo ngarani apa obate.
Akeh
obat kang didol kanggo ngobati jamur kulit iki. Kang paling gampang arupa obat
oles kanggo “ngerok” kulit (keratolytic),
ngilangi jamur kang ana lapisan kulit kang paling njaba. Kang luwih jangkep uga
ditambahi obat alergi. Obat kang mangkene iki ana kang entheng ana uga kang klebu
“keras” gumantung bahan apa ang dicampur
kanggo racikane. Obat tradisional jaman
biyen ana kang thukule ing kulit, nanging “oyot-e” uga ora ana ing kulit
perangan njaba. Mulane yen diobati saka njaba bae warase bisa ora tuntas,
thukul maneh mengkone. Dadi sepisan bae
bakal thukul maneh, Mulane yen nganggo obat oles (salep, krim utawa “cairan”)
nganggone ora cukup mung sedina rong dina, nanging kudu jangkep ngenteni
thukule kulit kang wis tinukulan oyote, ora kurang saka patang minggu. Saliyane obat oles uga nganggo obat
kang diombe (pil, tablet, yen wis ana), warase jamur bisa luwih cepet.
Obat-obat iki (upamane fluconozole,
griseofulvin, itraconazole, ketoconazole, terbifaline) bakal sumeleh ing
kulit ing paling njero, bakal nyegah yen arep ana oyot jamur kang thukule ing
kono mengkone.
Saliyane
obat kang kanggo mateni jamur, yen gatele nemen pasen kudu ditulung ngilangi
rasa gatel mau kanthi obat antihistamin.
Obat bangsa iki ana kang nuwuhake ngantuk, nanging uga ana kang ora (mung bae,
obat iki regane luwih larang). Mulane yen mertamba aja lali matur gatele
ngganggu apa ora, apa maneh yen duwe bakat alergi.
Saran
Sanadyan
gangguwane ora sepiroa nanging lara kulit (jamuren) aja dianggep entheng.
Gatele wis bisa ngganggu tandang gawe, durung maneh yen saka gatele
nggampangake infeksi saka kroma liyane melu-melu thukul, mula kudu diobati.
Dene supaya ora gampang nulari utawa uga ketularen, aja sok ijol-ijolan
sandhangan.
Nuwun
Sumbere
saka Panjebar Semangat Oktober 2000
Tidak ada komentar:
Posting Komentar