NYADRAN
Nyadran
yaiku urutan upacara kang dilakokake dening masyarakat jawa, utamane Jawa
Tengah. Nyadran asale saka bahasa Sansekerta , sraddha kang nduweni ateges keyakinan utawa kepercayaan. Nyadran
yaiku tradisi reresik makam dening masyarakat Jawa, umume ana Padesanan. Ana bahasa Jawa, Nyadran asale saka tembung sadran
kang nduweni arti ruwah saykban.
Nyadran yaiku urutan budaya kang arupa reresik makam leluhur, nyebar kembang,
lan puncake yaiku arupa Kenduri utawa
Kenduren , selametan ana makam leluhur.
Pelaksanaane
Nyadran
yaiku salah sawijine tradisi kanggo nyambut tumekane wulan ramadhan. Kegiatan sajroning Nyadran utawa Ruwahan
yaiku
1.
Nganakake Kenduri utawa Kenduren, sinambi maca
ayat suci Al –Quran, zikir, tahlil, dan doa, banjur dipungkasi mangan
bebarengan.
2.
Nglakokake Besik yaiku reresik makam leluhur.
3.
Nglakokake upacara ziarah kubur, sinambi ndongakake
roh kang uwis ninggal ana makam.
Nyadran
biasane dilakokake saben dina ke-10 wulan Rajab
utawa wektu tumekane wulan Syaban. Ana kuburan utawa pemakaman, biasane masyarakat nggawa utawa uwis nyiyapake kembang , utamane kembang
telasih. Kembang telasih digunakake kanggo nglambangake anane hubungan utawa
gegayutane antara peziarah karo arwah kang ditekani. Masyarakat kang nglakokake
Nyadran biasane dedonga kanggo para sesepuh , bapak-ibu, lan sedulure kang uwis
ninggal.
Sakuwise
Reresik makam Masyarakat banjur nganakake kenduri ana panggonan kang dialasi
tikar utawa godhong gedhang. Saben keluarga kang melu kenduri kudu nggawa
panganan dhewe. Panganan kang digawa kudu arupa panganan tradisional kayata
ayam ingkung, sambel goreng, urap-urapan rempah, perkedel, tempe, lan tahu
bacem lan liya-liyane.
Sejarah
Nyadran
asale saka tradisi Hindu-Budha. Wiwit abad kaping 15 para Walisongo nggabungake
tradisi nyadran kanggo sarana dakwah,
yaiku supaya agama islam bisa diterima dening masyarakat Jawa. Para wali
wiwitane usaha kanggo nglurusake kepercayaan kang ana masyarakat Jawa wektu
kuwi babagan pemujaan marang roh, nanging dening agama Islam dianggep musrik. Supaya tradisi kuwi ora nentang marang ajaran Islam , mula para wali ora ngilangake adat
utawa tradisi kuwi, nanging nglurusake
lan Trdaisi kuwi kaisi ajaran Islam yaiku sinambi maca ayat suci alquran , tahlil,
lan dedonga. Nyadran dimangerteni kanggo sarana utawa lelaku hubungane leluhur
karo manungsa lan karo Gustine.
Nuwun.
Sumber : http://id.wikipedia.org/wiki/Nyadran
Tidak ada komentar:
Posting Komentar