Teh
lan Khasiyate
Ngombe
teh mono wis memasyarakat ing ngendi-endi papan. Ora trima ing kutha wae,
nanging uga ing karang padesan. Awit ing warung-warung cilik uwis mesti
sumadhiya wedang teh sakliyane wedang kopi utawa yen durung rada gedhe ya
wedang susu.
Ing
masyarakat jepang dikenal anane tradisi teh sing Chado. Ing tradisi chadi iki,
wong-wong sing bebarengan ngombe teh manggon ing anggonan khusus sing sepi lan
tinata asri. Alat-alat sing digunakake kayata cangkir lan mangkok sing prasaja
nanging nduweni nilai seni lan mutu sig apik. Malah carane ngecom teh lan
ngracikteh uga nganggo cara sing prasaja lan tradisional, yaiku kanthi ngesoki
mangkok gedhe sing uwis diwenehi teh (serbuk) nganggo banyu panas. Kamangka ing
Jepang wis ana teh celup sing praktis.
Beda
maneh cara ngombe teh sing dilakoni dening masyarakat dhaerah Tegal lan
Pekalongan. Ing dhaerah iki masyarakate seneng banget ngombe teg Gi-tel, Legi
tur Kentel. Lan rasane rada –rada sepet nanging oara pait. Banyu teh iki mengko
banjur disok ing cangkir-cangkir lan banjir diwenehi gula batu.
Sejarahe
Teh
Sejarahe
teh dadi omben-omben sing enak lan nyegerake ing antarane yaiku :
Ø Kisahe
Shen Nung
Shen
Nung sawijining Kaisar negara Cina kang urip udakara taun 2737 sadurunge
masehi. Kaisar Shen Nung dikenal minangka Bapak Tanaman Obat-obatan Tradisional
Cina. Biyen kabare , sang kaisar Shen Nung lagi ngresiki kebonane karo nyambi nggodog banyu ing sangisore wit
kang ngrembuyung godhonge. Lan kanthi ora sengaja , ana godhong ceblok pas
nyemplung ing sajrone banyu sing lagi digodhog mau. Lan nalika sang kaisar
ngombe banyu godhongan mau, jebul rasane luwih sedep lan awake dadi luwih
seger. Jebul godhong sing ceblok ing banyu godhongan mau pranyata godhonge wit
teh. Ya wiwit kuwi teh banjur dikenal masyarakat kadidene omben-omben sing
rasane seger.
Ø Kisah
Daruma
Yen
kisah sejarahe sing ditemokake dening kaisar Shen Nung iku kisah saka negara
cina, lha yen kisahe Daruma iki saka Jepang. Daruma iku sawijining pendheta
agama Budha sing urip udakara taun 520 masehi. Mnaut legend , wit teh sing
sepisanan asale saka tlapukane Daruma. Bab iki kedadeyan nalika sang Pendheta
Daruma nedheng-nedheng nglakoni tapa brata, ndadak tanpa disengaja dheweke
keturon. Nalika tangi dheweke dadi muring-muring. Supaya ora turu maneh nalika
tapa , pendeta Daruma banjur ngethok tlapukan mripate sing banjur dibuwang. Ora
suwe ing tilas tlapukan mripate Daruma sing dibuwang mau thukul tetuwuhan sing
banjur dekenal kedadeane wit teh.
Ø Kisah
Lu Yu
Yen
kisah Daruma lan Shen Nung ingdhuwur mambu-mambu mitos lan legenda, kisah Lu Yu
iki bisa diarani rada ilmiah. Lu Yu iku sawijining priya terpelajar ana ing
negara Cina sing duk nalika taun 780 kasil nglumpukake lan mbukokake
penelitiane ngenani guna lan paedahe Teh. Dadi literatur. Literatur mau
diwenehi irah-irahan yaiku Ch’a Cing utawa The Classic of Tea.
Guna Kasiate Teh
Teh
sing mujudake omben-omben seger lan sedhep iku pranyata ngandut zat utama telu,
yaiku kafein,lenga asri iku zat , lan tanin. Kafein iku zat sing bisa ndadekake
awak dadi seger, dene yen lenga asiri iku zat sing ndadekake teh nduweni aroma
(ambu) sing sedhep. Lha sing mbebayani iku zattanine. Awit zat tanin iki bisa
nipisake usus marga tanin iki bisa nggerus usus. Siki coba dibayangake , lha
wong kulite kebo wae yen digosok nganggo zat tanin iki bakal dadi alus kaya
kulit sepatu. Mula yen ngecom tem nganggo banyu umob ora oleh luwih saka 5
menit. Iki kanggo njaga supaya zat tanine ora akeh-akeh sing melu larut ing
banyu comcoman.
Ngombe
teh pirang-pirang gelas saben dina ora bakal mbebayani yen carane ngecom teh wis bener kaya sing
kaatur ing dhuwur. Lan maneh wong kepengin ngombe teh uga kudu ngerti kondhisi
lambunge. Yen lambunge isih durung kuwat (upamane bubar lara tipes utawa maag)
bisa-bisa wetenge banjur mules-mules. Nanging yen wonge sehat-sehat wae
lambunge lan carane ngecom teh wis bener, ngombe teh pirang gelas wae ora bakal
mbebayani. Malah bakal bisa nyegah kanker lambunng lan nambani wong sing
kangelan bebuwang.
Itaro
Oguni saka Uneversitas Shizokuoka kasil
mangerteni yen ing zat tanine teh ana zat epigallocatachin-galat sing bisa
nyegah kanker lambung lan kanker tenggorokan . Ing uga ngandhut daya diuretik sing gedhe banget
sing bisa ndadekake wongkemringet lan banjur keplayu menyang jedhing amarga
kebelet bebuwang.
Mula
ngombe teh becike dikulinanake wiwit cilik. Yen bisa uga saben dina, saben
ngelak lan yen saben nyuguh tamu. Aja ngombe teh yen lagi pengin wae! Awit
wong-wong Jepang saka propinsi Shizuoka wis mbuktikake yen pakulinane ngombe
teh saben dina iku bisa nyegah penyakit kanker lan tumor. Bab iki wis dititi
dhewe dening Itaro Oguni sing yakin yen wong-wong Shizuoka sing nduweni kareman
ngombe teh saben dina iku pranyata jarang kena penyakit kanker lambung lan
tumor tenggorokan tinimbang wong-wong saka propinsi liya sing ora nduweni
kareman ngombe teh.
Nuwun,
Sumber
Saka (Tri Wahyuni) Panjebar Semangat oktober
2000.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar