Jumat, 12 Desember 2014

Sejarah Seni Barongan


Seni Barong
Blora

Kesenian Barongan sumbere kajupuk saka Hikayat Panji, yaiku sawijining cerita kang diwiwiti saka iring-iringan prajurit sing nunggang jaran kanggo ngawal Raden panji Asmarabangun/Pujonggo Anom lan Singo Barong. “Parabu Klana Sawadana saka Kabupaten Bantar Angin kang lagi nandhang seneng marang Dewi Sekartaji putrine Raja Kediri, banjur Patih Bujangganong/Pujonggo Anom diprentah kanggo nglamar. Prajurit sing cacahe 144 kuwi mangkat numpak jaran dipimpin 4 Perwira yaiku Jaran Larean, Jaran Panagar, Jaran Panyisih, lan Jaran Sangsangan.
Saktekane ana Alas sing jenenge Wengkar , rombongan Prajurit Bantar Angin dipapag dening Singo Barong sing jelmaane Adipati Gembong Amijoyo sing didhawuhi kanggo njaga watese alas. Ana kono kedadean peperangan sing nggawe prajurite Bantar angin dikalahake dening Singo Barong. Nanging kepapat perwira bisa lolos lan nglaporake marang Sang Adipati Klana Sawadana. Wektu kuwi bebarengan karo tekane Puno kaan Raden Panji Asmara Bangun saka Jenggala sing jenenge lurah Noyotoko lan Untub sing padha-padha nduweni tujuan kanggo nglamar Dewi Sekartaji, utusane Raden Panji.
Nanging saktekane ana alas Wengkar, Noyontoko lan Untub pikantuk alangan yaiku kapapag dening Singo Barong sing nglarang kelorone nglanjutake lelakune. Nganti nganakake peperangan sing nggawe Noyontoko lan Untub ora bisa tumindhak apa-apa. Banjur Nekakake Gurune Joko Lodro saka Kedung Srengenge. Singo Barong akhire bisa dikalahake lan dipateni. Nanging Singo Barong nduweni kesaktian nadyan uwis mati bisa urip maning. Kedadean kuwi dilaporke Raden Panji, banjur Raden Panji mangkat ngadepi Singo Barong, Jebul wektu kuwi Adipati Klana Sawedono uga nrima laporan saka Bujangganong (Pujang Anom) sing dikalahake marang Singo Barong. Sinambi rasa isin Raden Klana Sawedana nyabut pusaka saktine yaiku Pecut Samandiman lan mangkat tumuju Alas Wengker kanggo mateni Singo Barong. Saktekane alas Wengker lan ketemu karo Singo Barong, banjur kedadean Perang sing sengit lan anggawe Adipati Klana Sawedana ngetokake pusaka Pecut Samandimane. Singo Barong kena pecute banjur lumpuh ora bisa tumindhak apa-apa.
Nanging berkat kesaktene Adipati Sawedana nggawe kekuatane Singo Barong urip maning, lan nganakake syarat yaiku ngeterake marang Kediri kanggo nglamar Dewi Sekartaji. Saktekane ana alun-alun , ketemu karo Raden Panji sing nduweni maksud kanggo nglamar Dewi Sekartaji mbarang. Memungsuhan kelorone tambah gedhe banjur peperangan kuwi di menangake Raden Panji, Adipati Klana Sawedana uga dipateni, Singo Barong sing nduweni maksud mbelani Adipati Klana Sawedana banjur dikutuk marang Raden Panji yaiku ora bisa ngubah wujude maning dadi Manungsa (Gembong Amijoyo).
Pungkase Singo Barong tundhuk lan ngabdi marang Raden Panji, yaiku mlebu prajurit sing numpaki Jaran Bujangganong saka Kerajaan Bantarangin. Banjur rombongan kuwi dipimpin marang Raden Panji kanggo nglamar Dewi Sekartaji. Swasana Arak-arakan sing dipimpin Singo Barong lan Bujangganong kuwi sing dadi dasar lan kedadean anane Kesenian Barongan.
Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar