Sabtu, 27 Desember 2014

Tanggap Wacana



SESORAH TANGGAP WACANA PANGETAN DINTEN KARTINI

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Kawula nuwun,
Bapak Kepala Sekolah ingkang pantes kinurmatan.
Bapak-bapak, ibu-ibu guru saha karyawan ingkang kula kurmati

Langkung rumiyin, sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji donga dhumateng Gusti Alloh ingkang maha agung , awit panjenengan lan kula sampun linuberan ing sih nugrahanipun , saengga saged pepanggihan ing papan punika, saperlu mangeti dinten wiyosanipun  R.A. Kartini. Ibu-ibu saha adhik-adhik remaja putri , kita sampun sami uninga, bilih rikala tanggal 21 April 1879, ing jepara sampun miyos satunggiling putri ingkang linangkung, ing kang kagungan tekad ngentas kaumipun, ingguh punika kaum wanita, saking belenggu adat, murih saged jumeneng jajar kaliyan para priya

Putri utami kalawau boten sanes inggih R.A.Karatini Awit saking punika, kangge mangeti sedaya labuh lelabetanipun ing saben tanggal 21 April, kita bangsa Indonesia, mliginipun kaum wanita, sami sesarengan mahargya dinten wiyosipun R.A.Kartini. Ibu-ibu, bapak-bapak saha adhik-adhik remaja putri ingkang kula hormati, menggah mahargya wiyosanipun R.A Kartini punika boten namung kandheng ing ngrasuk busana serta ngudi sarira, ingkang sarwa linangkung, nanging langkung utami, inggih punika, nulad sedaya pakertinipun  R.A.Kartini ingkang luhur, perjuanganipun ngentas panandhangipun kaum wanita, saenggo pados kita lampahi ingkang jaman sapunika kathah para wanita ingkang kagungan kalenggahan sajajar kaliyan kaum priya.

Mbok bilih R.A.Kartini taksih sugeng, temtu badhe muwun serta getun, menawi priksa kaumipun sami nyalahginakaken emansipasi ingkang dipunperjuangaken, kados dene kapal ingkang uwal saking cancangan, mlajar-mlajar tanpa kendali.

Nadyan para wanita sampun jumeneng jajar kaliyan priya, namung boten nama kedah sakpurunipun piyambak, nanging nggih kedah taksih ngengeti kodratipun piyamba, inggih punika kados pangembatipun brayan, manuntun dhumateng putra-putrinipun linandhesan ing raos asih, saha bekti kaliyan kakung, ing wasana saged mbabar kawontenan, bale wisma ingkang tata-titi, tentrem. Hambok bilih sedaya kaum wanita saged mujudaken pakarti ingkang kados makaten, wusananaipun sadaya bale wisma saged tumata sae, salajengipun bangsa kita ugi tata-titi tentrem tata raharja. Ibu-ibu sarta remaja putri ingkang minulya, sumangga kita sami nulad sarira, punika kita sampun saged nglamahi sedya gegayuhan R.A.Kartini? Menawi dereng, sumangga sami marsudi tindak utami, kangge kamajenganing seserepan kita sedaya, supados saged kaginakaken kanggo kemajenganing bangsa. Kula kinten cekap semanten tanggap wacana saking kula. Mbok bilih wonten klentuning atur kula nyuwun agenging pangaksami.

Wasana wekdal kula aturaken wangsul dhumateng pranata adicara.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh


Sumbere saka Sawiji.S.Pd.2004. Prestasi.Klaten:Penerbit Agung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar