Senin, 22 Desember 2014

TRADISI BERSIH DESA

 
Trdisine Wong Jawa
Bersih desa yaiku salah sawijining adat masyarakat jawa sing nyediyakake sesajen marang danyang (sesepuh) desa. Saben keluwarga nyumbangake panganan utawa asil panen. Sesaji asale kewajiban saben keluwarga kanggo reresik desa sing tujuwane ngilangake utawa ngadohake roh-roh kang ala sing ngganggu. Sesaji diawehake danyang desa jalaran dipercaya yen danyang kuwi sing njagakake desa. Upacara reresik desa dipangeti ana makam danyang. Ana desa sing kalebu muslim kuat banjur  nganakake tradisi bersih desa ana masjid sing uga diisi donga-donga Islam. Desa kang ora nduweni danyang utawa ora mangerteni danyang desane, banjur nganakake tradisi Bersih desa ana Panggonane kepala desa. Bersih desa uga nduweni makna yaiku laku syukur marang Gusti Alloh marang apa kang uwis diparingake.

Pelaksanaan
Bersih desa  biasane dipangeti saben wulan Sela utawa Syawal yaiku wulan ke 11 kalender jawa. Kanggo tanggal pelaksanaane saben desa beda-beda. Nanging biyasane njupuk wulan sela. Ana upacara bersih desa utawa sedhekah bumi sing awujud tumpeng lan sayuran kang uwis dihias saka asil panen para warga. Kabeh panganan kang awujud sayuran utawa buah-buahan ana upacara bersih desa saka asil sumbangan wargane. Upacara bersih desa dilakokae dening uwong utawa warga desa kang uwis dewasa. Sakrampunge acara bersih desa biyasane dilanjutake acara wayangan.

Tujuan
Bersih desa sing dadi upacara adat, nduweni makna spiritual, Yaiku :
a.    Kanggo laku syukur marang Gusti Alloh S.W.T marang asil bumi utawa panen warga desa.
b.    Kanggo njaluk pitulungan marang danyang kanggo njagakakae desane.
c.     Kanggo njaluk berkah marang asil panen sing melimpah.
d.    Kanggo ngrukunake warga desa lan nuwuhake solidaritas antar warga.

Proses 
Upacara bersih desa dilakokake sedina sewengi. Diwiwiti jam pitu esuk sing wujude reresik saknjero-njerone desa . Banjur nyiaypake piranti kanggo upacara kayata klasa, panggung utawa tarub, lan wadhah sesajen. Pager uwit kang dikeramatake  ana desa uga di ganti sing anyar. Ana uga sing nyiyapake panganan kanggo upacara wayah awan sing ditandhani swara kentongan. Swara Kentongan sing muni nidhoki warga sing kudu siyap kanggo ngirim panganan la sesajenan marang kepala dhusun.

Sakuwise kabeh siyap banjur wayah sore warga sing kalebu dewasa kumpul marang panggoanan sing disediakake  kanggo melu mangeti upacara. Diwiwiti karo maca donga-donga lan mantra. Banjur diceritakake kisahe Dewi sri utawa dewi padi sing dadi mboke para tani. Upacara dipungkasi karo motong tumpeng banjur  dibagekake marang warga desane. Lan ing wayah wengi biyasane nganakake pementasan utawa nanggap wayangan sewengi sing njupuk lakon saka Bharatayuda, Wahyu Makutharama, Wahyu Purbasejati, Wahyu Gada Inten. Tradisi Bersih desa jangkep.
Nuwun.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar