Selasa, 30 Desember 2014

Kenal Tokoh Wayang



DEWI KAMARATIH
 
 
Dewi Ratih utawa Dewi Kamaratih, inggih menika putrinipun Bathara Soma, putranipun Sanghyang  Pancaresi inggih menika  keturunanipun Sang Hyang Wening, adhinipun Sanghyang Wening. Dewi Ratih krama  kaliyan Bathara Kamajaya, putranipun  Sang Hyang  Ismaya. ingkang kaping  sanga  Sang Hyang Ismaya kaliyan Dewi Senggani. Dheweke manggen wonten  ing Kahyangan Cakra kembang.

Dewi Ratih nggadhahi pasuryan ingkang  ayu sanget.  Anggadhahi watek , sae sanget  setia sanget lan kebak cinta kasih, mirah ati, sabar lan ngabekti  dhateng garwanipun. Sareng kaliyan  garwanipun inggih menika Bathara Kamajaya, kekalihipun menika nglambangaken  kerukunan tiyang garwanipun. Jalaran kerukunan lan cinta kasih setunggal , kaliyan sanesipun. 

Dewi Ratih nate  dipundhawuhi  dhateng  Sang Hyang Manikmaya kangge nurunaken Wahyu Hidayat marang Dewi Utari, putra bungsu Prabu Matswapati raja Negara Wirata kaliyan Permaisurinipun Dewi Ni Yutisnawati /Setyawati. Wahyu Hidayat  ingkang diturunaken dhateng Bathara Kamajaya inggih menika marang Raden Abimanyu/Angkawijaya, putra Arjuna kaliyan Dewi Sumbadra.
Nuwun,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar