Kembang Liman
Dening Abdi Dalem Sepuh Bangsal trajumas
Keraton Ngayogyakarta.
Kembang Liman yaiku sesajenan awujud
kembang werna lima. Muturut Abdi dalem keraton Jogja, sajen kembang lima kuwi
diciptakake lan ditradisiake marang salah sawijining Walisanga yaiku Sunan
Kalijaga sing urip ana limang jaman yaiku (Majapahit, Demak, Pajang, Mataram
kuno, lan Mataram Islam)
Sajen kang awujud kembang kuwi yaiku
kembang kenanga, mawar abang, melati, kantil putih, kantil kuning. Dening Sunan
Kalijaga kelima jenis kembang kuwi dipilih udu ora ana gegayutane karo lelembut.
Nanging Sunan Kalijaga yaiku salah sawijining walisanga nduweni kapinteran
kanggo nggabungake budaya Hindu karo Budaya Jawa.
Miturut abdi dalem Keraton Jogja, kelima
werna kembang kuwi nglambangake Rukun Islam.
Kembang 5 werna yaiku :
1.
Kembang
Kenanga
Yaiku kembang kang nglambangake rukun
Islam kaping siji yaiku Syahadat. Kenanga kajupuk swara mburine dening Sunan sing
dadi Kenongo: Kenong/Kenang. kudu di eling utawa ngenang utawa di genggem nganti
tumekane pati.
2.
Kembang
Mawar Abang
Kembang mawar kuwi nglambangake sholat
lima waktu kang dadi rukun islam keloro. Sholat kudu dilakoni merga dadi
kewajibane umat islam. Ana kene warna
abang nglambangake getih kang mesti dibutuhake dening manungsa kang mujudake
keimanan dhumateng gusti Alloh. Godhong kang ana gagang nglambangake jumlahe
sholat wajib lan sholat sunnah, lan eri sing ana gagang nglambangake alangan
utawa angele nindhakake sholat nadyan
namung pirang menit saben nindhakake sholat.
3.
Kembang
Melati
Kembang Melati yaiku kembang sing warnane
putih, Warna putih dadi simbol nyucikake jiwa manungsa marang dosa lan kelakuan
ala. Banjur Kembang Melati sing suci nggayutake rukun islam kaping telu yaiku
Nindhakake Puasa. Kuncup kembang melati ngibaratake manungsa kang nindhakake
puasa kaya-kaya lair maning dadi jiwa kang putih suci kaya putihe kembang
melati. Sajroning Puasa manungsa kudu nahan nafsu dunia sing dilambangake
kuwate kuncup melati yaiku nglindungi kepala sari lan putik kembang melati.
4.
Kembang
Kantil Putih
Kembang kantil ana bahasa jawa yaiku
kumantil utawa melu. Dadi Sunan Kalijaga nglambangake kembang kantil karo rukun
islam kaping papat yaiku nindakake zakat. Putihe beras dilambangake putihe kembang
kantil. Putihe kembang sing ora diwajibake marang manungsa kang durung mampu.
5.
Kantil
kuning
Kembang kantil kuning nglambangake rukun
islam kaping lima yaiku nindhakake Haji utawa munggah haji. Nindhakake Haji yen
syarat-syarate uwis cukup yaiku Mampu . (Kuninge emas nglambangake kuninge kembang
kantil), yen wong muslim kang uwis mampu kudu kantil utawa kumantil kanggo
nindhakake haji.
Kembang kang
lima werna kuwi dilakokake dening Sunan Kalijaga kanggo ngajarake Islam marang
masyarakat sing ora mangerteni wacanan lan basa verbal. Sajen kang duwujudake agama
Hindu banjur Sunan Kalijaga nggabungake
ajaran kanggo pemahaman sajroning sajen.
Kembang Liman
utama sajen taksih dienggo sing digletakake ana pojokan bangsal trajumas
Keraton Jogjakarta.
Nuwun.
Diposake marang Jaka
Umbaran
Tidak ada komentar:
Posting Komentar