Selasa, 30 Desember 2014

Kenal Tokoh Wayang




DEWI SRI
 
Dewi Sri utawa Dewi Sulastri wonten ing pedhalangan Jawa inggih menika satunggiling putri sulung Prabu Sri Mahapunggung, Raja Negara Medangkamulan kaliyan garwanipun, Dewi Danawati. Prabu Sri Mahapunggung inggih menika gelaripun Bathara Srigati, putranipun Sang Hyang Wisnu kaliyan Dewi Sri Sekar/ Sri Widowati sing mudun menyang Arcapada kangge njagikaken wonten Dunya. Dewi Sri anggadhahi adhi cacahipun tigo yaiku Sadana, Wandu, Oya.
Dewi Sri kagambaraken nggadhahi pasuryan ingkang ayu sanget lan Dewi ingkang diyakini titisanipun Bathari Sri Widowati, nenek moyange. Dewi Sri anggadhahi watek ingkang mirah, sabar, lembut, lan bijaksana. Sami kaliyan adhinipun inggih menika Sadana ingkang sinebut Dewa asil bumi, kadi tela-telo, kentang, sayur lan woh-wohan. Mila kakalihe mboten saged dipunpisahaken.
Wonten ing lakon “Sri Sadana” dipuncariyosaken, menawi Sadana minggat saking Negara Medang Kamulan ingkang dipundhanguni kaliyan Ramanipun. Dewi Sri saksampunipun mangertosi kedadean budhale adhinipun, banjur madosi, sasampunipun mlampahi sedaya alangan lan rintangan ingkang pait. Jalaran wonten margi kepanggih kaliyan Buta raksasa.
Kalagumarang/Karungkala ingkang mburu-mburu, lajeng saksampunipun slamet saking nafsu ingkang awon karungkala, Dewi Sri saged kapanggih malih kaliyan Sadana inggih menika dados Dewa ingkang ngasilaken sedaya asil bumi. Dewi Sri lan adhinipun, Sadana dipunyakini gesang saklawase nganti jaman kang pungkasan, jalaran nggadhahi dhawuh kangge maringaken kemakmuran dhateng manungsa.
Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar