Senin, 01 Desember 2014

Kesenian Budaya Jawa

WAYANG KULIT

Gambar Pagelaran wayang dening dhalang senior ingkang wasis lan kawentar sanget  inggih menika "Ki Manteb Sudarsono"
1.      Wayang kulit
Wayang kulit yaiku seni tradisional sing diwiwiti lan dikembangake ana ing tlatah jawa. Wayang kuwi asale saka tembung “Ma Hyang” sing nduweni ateges tumuju marang roh spiritual utawa ghaib, dewa, utawa Gustine. Ana uga ateges liya yaiku wayang sing diartikake nganggo bahasa jawa sing maknane ‘bayangan’ yaiku disebabake uwong sing nonton ana mburi pakeliran namung awijud bayangan. 
Wayang kulit dilakokake marang Dalang sing uga dadi narator dialog lakon-lakon wayang utawa sing ngatur mlakune pagelaran wayang  sing diiringi musik Gamelan lan sekelompok Niyaga uga Sinden sing nembangake tembangan. Dalang nglakokake wayang kulit ana sakwalike kelir yaiku layar sing kagawe saka  kain putih utawa Gombalan putih, sawetara ing mburine disorotake lampu listrik utawa lampu minyak sing dijenengi Blencong, dadi sing ndeleng ana mburi kelir namung katon bayangan sing tiba ana pakeliran. Kanggo bisa mahami cerita ana ing pagelaran wayang utawa Lakon, penonton  kudu mangerteni luwih dhisik lakon-lakon ana ing wayang sing awujud bayangan kuwi.
Wayang dijupuk saka cerita naskah Mahabharata lan Ramayana, nanging ora dibatasi, namung nganggo pakem. Ki dhalang uga bisa mainake utawa nglakokake cerita lan lakon carangan utawa gubahan. Uga sakwernaning cerita kajukut saka cerita-cerita Panji.
Pagelaran  wayang kulit uwis diakui dening UNESCO tanggal 7 November 2003, dadi karya Budaya sing njerone kaisi cerita narasi lan warisan kang  pancen endhah lan nduweni nilai sing dhuwur (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Wayang kulit luwih populer ing jawa bagian tengah lan wetan, Uga ana wayang golek sing luwih sering dimainake ing Jawa Barat.

2.         Wayang Kulit Kagawe

Wayang kulit digawe saka kulit sapi utawa kebo sing diproses dadi lembaran kulit, wayang  mbutuhake kira-kira ukurane 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur dipahat kanggo piranti sing digunakake yaiku wesi sing pucuke lancip utawa runcing sing bahane baja lan kuwalitase uga apik. Wesi nganggo Baja kuwi digawe luwih disit wujud lan ukuran sing manekawerna. Ana uga sing runcig, pipih, cilik, gedhe lan bentuk liyane sing nduweni fungsi  sing saben bentuke beda-beda saking senimane.
Kanggo nata utawa nggawe macem bentuk ukiran sing sengaja digawe ana bolongane. Banjur  masang bagian awake wayang kaya tangan sing ana loro lan sambungan, lengen ndhuwur lan lengen sikut, cara nyambungake nganggo sekrup cilik sing digawe saka tanduk Sapi utawa Kebo. Bagian sing fungsine kanggo ngobahake bagian lengen sing warnane ireng sing asale saka tanduk kebo lan warna keemasan kuwi sing ditempel utawa sing bisa uga kanggo dibron, dicat lan dibubuk sing dicairake. Wayang kuwi nggunakake Prada, lan ngasilake luwih apik, warnane bisa tahan suwe dibandingake karo bront.

3.      Jenise Wayang Kulit Miturut Daerah
Wayang katingal saka bayangan

·      Wayang Kulit Gagrak Yogyakarta
·      Wayang Kulit Gagrak Surakarta
·      Wayang Kulit Gagrak Banyumasan
·      Wayng Kulit Ggarak Jawa Timuran
·      Wayng Bali
·      Wayang Kulit Banjar ( Kalimantan Selatan)
·      Wayang Palembang (Sumatra Selatan)
·      Wayang Betawi (Jakarta)
·      Wayang Cirebon (Jawa Barat)
·      Wayang Muda (Punah)
·      Wayang Siam

4.      DALANG
Dalang-dalang wayang kulit sing uwis tekan puncak Kejayaan lan Kawentar yaiku
·      Almarhum Ki Tristuti Rachmadi (Solo)
·      Almarhum Ki Naryo Sabdo ( Semarang, gaya solo)
·      Almarhum Ki Surono (Bajarnegara, gaya Banyumasan)
·      Almarhum Ki Timbul Hadi Prayitno (gaya Jogja)
·      Almarhum Ki Hadi Sugito (Kulon Progo, Jogjakarta)
·      Almarhum Ki Suleman ( gaya Jawa timur)
·      Ki Soeparman (gaya Yogyakarta0
·      Ki Anom Suroto ( Gaya Solo)
·      Ki Manteb Sudarsono (Gaya Solo)
·      Ki Enthus Susmono
·      Ki Agus Wiranto
Lan Pesinden kang uwis Legendaris yaiku Almarhum Nyi Tjondrolukito.

 nuwun,


Sumber “www.wayang wikipedia bahasa indonesia”


Tidak ada komentar:

Posting Komentar