Sabtu, 27 Desember 2014

Kasarasan



Apa ta, Enterobacter Sakazakii iku?

Dening: Ruminto 

Seperangan masyarakat sing nduweni kawigaten gedhe marang masalah-masalah babagan kesehatan padha kuwatir sawise ngerti saperangan susu formula iku jebul ngandhut sawijining bakteri kang mbebayani. Dene masyarakat umum sing awam uga melu bingung, sebab pemerintah ora gelem blakasuta ngumumake jenenge produk susu formula sing gawe susah lan ngemu masalah keri-keri iki. 

Bakteri, organisme prasaja 

Ana sawijine unen-unen mangkene, “luwih akeh wong kang mati jalaran kataman kuman tinimbang mati merga disrudug gajah”. Ora kleru pancen. Akeh wong mati jalaran  penyakit kang disebabke dening kuman utawa bibit penyakit. Malah kadhang ana penyakit kang nggegirisi. Kamangka kuman iku cilik banget nganti ora bisa dideleng karo mripat biyasa. Dene sing kalebu kuman yaiku bakteri, virus lan parasit
Ing kalodhangan, kita aturake bab bakteri sing wis rame dadi pawarta ana ing media cetak lan elektronik. Apa ta sejatine bakteri iku ?

Bakteri diarani uga organisme (makhluk hidup) seluler. Tegese,  organisme mung nduweni sel siji (barsel tunggal). Ana ing biologi, bakteri mlebu ing wewangon Kingdom Monorera. Monorera iku sawjining tingkat kehidupan sing paling prasaja (sederhana), Amarga isine organisme sel siji, malah ana  sing luwih prasaja maneh, awit genne (isi inti sel-e) ora diwungkus sel, nanging diwungkus protein, yaiku sing diarani virus.

Mula bakteri iku wujude sederhana banget. Banjur bakteri iku wujude pancen prasaja banget. Banjur bakteri iku kalebu kewan apa tetuwuhan? Miturut salah sawijine ahli bakteriolog yaiku Ferdinand Cohn, kanthi adhedhasa sipat-sipat bakteri, digolongake marang tetuwuhan (tumbuh-tumbuhan) ning  ya ora persis utawa mutlak klebu donyane tetuwuhan. Upamane setetuwuhan nduweni wates kang jelas, semono uga bakteri, dene kewan ora. Tumbuhan njupuk pangan anthi wujud larutan, semana uga bakteri, dene kewan njupuk pangan wujud padat, lan sapiturute. Dene sipat sing paling beda , tumbuhan berfotosintesis, dene bakteri ora.

Amarga wujude sing prasaja lan luwih memper karo tumbuhan, bakteri ora bisa digolongake jinise, yaiku lanang lan wedon. Yen ngono njur piye reproduksine utawa cara ngasilake keturunane ? Reproduksi bakteri pancen sipate aseksual, ora nganggo perkawinan, nanging kanthi cara “membelah diri”, siji dadi loro, loro dadi papat, papat dadi wolu. Mangkono sateruse nganti maewu-ewu.

Senajan bakteri iku mung sel siji nanging bakteri tetep nduweni wujud kang uga maneka werna, lan tetep isih prasaja, Wujude bakteri ana sing rupane coccus (bunder)bacillus (batang), vibrio (batang nanging bengkoang kaya tandha koma) lan spirilum utawa spiral.

Anatomi sel bakteri lan absorsi (carane ngisep) bahan pangane, pancen luwih memper karo tetuwuhan. Nanging yen dideleng saka solah bawane (gerak-gerike), bakteri iku luwih memperkaya kewan. Sebab bakteri iku akeh-akehe bisa “mlaku-mlaku”. Kanggo obah mrana-mrene, bakteri nduweni alat sing jenenge “Flagel” utawa bulu cambuk.

Flagel bakteri uga werna-werna. Senajan sel tunggal, nanging bakteri tetep ora kalah penampilane. Ana bakteri sing nduweni flagel mung siji thil, ana sing duwe loro,ana sing duwe saombyokan, rong ombyokan, malah ana sing awake bakteri iku mau dikupangi flagel, dadi kaya rambutan. Dene bakteri kang ora nduweni flagel, yaiku bakteri sing wujude coccus.

Enterobacter Sakazakii

Sawise nduwe gambaran umum ngenani bakteri, saiki banjur kanggo nitipriksa bakteri sing khusus, yaiku

Enterobacter Sakazakii kadang disingkat E Sakazakii. Miturut Wikipedia basa Indonesia, ensiklopedi bebas, dijelasake mangkene, enterobacter sakazakii iku bakteri gram negatif, anaerob fakultatif, wujude kokoid, ora nduweni fase bentuk spora lan berpigmen kuning.

Mesthi bae isih butuh referensi liyane kanggo mahami keterangan iku mau. “Enterobacter” iku jeneng Genuse utawa Marga (kelompok suku).  Sakazakii” iku dijupukake saka jenenge ahli bacteriologi Jepang yaiku Richii Sakazakii. Dene “Gram” nuduhake metode pewarnaan nalika nliti bakteri yaiku nganggo metode pewarnaan Cristian Gram (sing nemokake metode pewarnaan kasebut). Banjur istilah “positif” utawa uga “negatif” mujudake kasile pewanaan iku mau. Gram positif warnane ungu, dene gram negatif warnane abang.

Wujude bakteri E Sakazakii iku “kokoid”, utawa coccus (bunder) dadi ora duwe flagel. Lan sifate “anaerob fakultatif” sing tegese bisa urip ana ing kahanan aerob (udara bebas) lan uga ing kahanan anaerob, yaiku kahanan kang udara bebase sethithik banget. Mula ora mokal E Sakazakii tetep bisa urip ana ing njero kemasan-kemasan sing satemene ya wis dicoba ditsterilake. Lan E. Sakazakki iki ora nduweni fase bentuk spora, dadi tansah aktif.

E  Sakazakki kuwi kalebu bakteri patogen alias bisa nyebabake penyakit. Mula yen nganti ana produk susu formula sing ngandhut bakteri E Sakazakki iki, mesthi bae mbebayani banget. Apa maneh susu formula iku susu kanggo bayi, sing kahanan badane isih perlu antuk kawigaten mirunggan saka pehak kang kawogan.
Nuwun.


Kapethik saka Panjebar Semangat maret 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar