TULADHA
ATUR PAMBUKA PANATA CARA PASRAH PANAMPANING LAMARAN
Bismillahirrohmanirrohim
Assalamualaikum
Wr. Wb.
Panjenenganipun
para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking
kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri,
kadang wredha mudha ingkang winantu suka basuki.
Mradapa
keparingipun Bp. Sumarmo ekaliyan sumambrah para kulawangsa ing kalenggahan unika,
kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti
miwah laaran pinangka jejangkeping tata cara salaki rabi.
Namung
saderengipun kula ngaturaken urut reroncenging adi cara ingkang sampun karakit
dening para kulawarga, cundhu kalihan kuncaaning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila
saha hangemban Eka Prasetya Panca Karsa, sumangga nun kula dherekaken
ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh ingkang maha agung, karana
ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kula.
Sinawung
raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara pasra panampi lamaran saha
upakarti pinangka jejangkeping palarama tansah pnaringan rahayu tebih ing
sambekala.
Nun
inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga panata cara murwani
lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah
panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantan para kulawangsa.
Nun
inggih, tinarbuka atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening
tetuwangga ingkang sampun piniji.
Atur
lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih
saliranipun saking badhe/calon kadang besan.
Atur
panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp Sumarmo ingkang
mengku gati.
Kalesananing
adi cara liru kalpika (menawi wonten).
Tanggap
wacana sawatawis saking pinisepuh pnangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi
wonten)
Paripurnaning
kasaenan sedya hambok bilih ing mangke wonten pratanha saking kulawarga
minangka paran para.
Makaten
para tamu saha para lenggah urut reroncening
tata adi cara pasrah lamaran ingkang sinaggit dening para kulawarga ,
kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos
dumug purnaning gati.
Nuwun,
nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb
Sumbere
saka Bp R.M.T. Warsito Pinilih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar