Rabu, 24 Desember 2014

Sarapan lan Obat

Pengaruhe Pangan Tumrap Obat
Nalika kita arep disuntik , adate dhokter utawa mantri kesehatan ndangu, sampun sarapan napa dhereng ? Yen wis, kita banjur disuntik, nanging yen durung mesthi dikongkon sarapan dhisik.
Semono uga nalika kita nampa obat, kita karep diwanti-wanti, “Dipununjuk sasampunipun dhahar.”
Saka kedadeyan cilik, nanging tansah dumadi meh saben dina (upamane ing Puskesmas-Puskesamas) iku banjur nuwuhake anggepan menawa sadurunge nggunakake obat-obatan, utamane sing diombe, luwih dhisik kudu mangan. Anggepan iki kaya wis umum tumrap sadhengah wong saengga dadi sawijining tradisi mungguhe pengobatan.
Sing dadi pitakonan, apa bener saben-saben obat sing arep dilebokake ing badan kita kudu didhisiki klawan mangan ? Yen pitakonan mau diajokake menyang para winasis ing babagan kesehatan, wangsulane mesthi teges: Ora! Sebab dheweke ngerti tenan yen ana jenis-jenis obat sing nganggone (ngombene) malah kudu sadurunge mangan utawa nalika wetenge lagi kothong. Ya mung emane nalika menehake obat-obat jinis ngono kuwi kerep-kerepe ora dikantheni pesen-apa maneh wanti-wanti supaya diombe sadurunge mangan.
Ing kalangan dhokter utawa mantri kesehatan mbok menawa wis mesthekake menawa ora ana pesen apa-apa tegese obat bisa/ kudu diombe sadurunge mangan. Mangka akeh wong kang wis padha ngugemi tradhisi, mangan sadhurunge ngombe obat. Lha yen seling serup kaya ngene iki dijarake , ora wurung wong kang ngombe obat kuwi dhewe sing rugi. Cilike , obat sing digunakake ora tumama (ora mandi) gedhene, dheweke bisa keracunan obat kang bisa dadi marganing Pati.
Gumantung Jinise.
Perlu kita mangerteni menawa jroning tetamba kanthi nggunakake obat-obatan sing dilebokake awak, faktor pangan nduweni pengaruh kang beda-beda. Anane zat-zat panganan bisa nglancarake pengobatan saengga lelara cepet mari. Nanging bisa uga anane zat-zat kasebut malah gawe ridhu satemah efek farmakologis sing diarep-arep saka obat kasebut ora muncul, utawa malah salah kedaden wusanane pengobatan dadi gagal.
Anane pengaruh kang beda-beda saka panganan mau kajaba gumantung jinis obat kang arep tumama, uga gumantung jinis panganan kang kita pangan bisa nemtokake swasana lan karakteristik flora iki bakal nemtokake daya absorbsi (daya serap) usus marang obat kang kita ombe.
Minangka conto, bahan pangan sing akeh ngandhut serat kaya sarela beras, wiji-wijian, sayuran mentah, sayuran jinis godhong-godhongan lan woh-wohan, nuwuhake swasana sing ora becik tumrap sulfonamida, saengga ora bisa diserap kanthi becik dening usus. Efek sing ora nguntungake uga dumadi ing panggonan digoksin. Malah kanggo ngendhani efek kasebut dianjurake aja mangan dhisik yen arep nggunakake digoksin.
Sawalike, panganan sing akeh ngandhut lemak kondhusif banget tumrap griseovulfin. Obat iki pancen ajur ing lemak saengga yen olehe nggunakake dibarengake karo lemak bisa ningkatake presentasi penyerap angriseo vulfin lan wusasane kita dadi keracunan.
Secara umum, panganggone obat sing nduweni struktur kimia padha karo pangan sing konsumsi, bakal ngurangi penyerapan obat kasebut, sebab bakal nuwuhake kompetisi absorbsi ing usus. Tetrasiklin sing diombe nganggo banyu susu, Upamane , bisa ndadekake obat kasebut ora bisa diserap dening usus. Lon kalsium ing banyu susu bisa bereaksi karo tetrasiklin saengga ngasilake khelat, sawijining senyawa sing ora bisa ajur ing pencernakan saengga ora bisa diserap.
Reaksi toksis uga bisa dumadi samangsa migunakake obat anti depresi utawa obat inhibitor monominoksidase, nalika dibarengi mangan panganan sing ngandhut tiramin, kayadene bir, keju, sarta kacang-kacangan. Anane zat-zat kasebut ing awak ing pihak liya malah bisa nyebabake hipertensi akut sing bisa nambah dumadine stroke.
Obat sing diombe bareng karo mangan bakal campur karo panganan nalika ana ing lambung. Mula kuwi ora aneh yen sebanjure malah nuwuhake akibat sing beda. Ewasemana ana jinis obat kang olehe nggunakake malah kudu dibarengake karo wektu mangan. Obat iki umume kanggo sing nandang gangguan pencernaan utawa obat utawa obat-obat kang digunakake kanggo nglancarake kerjane enzim pencernaan. Mula obat iku banjur digunakake bareng karo mangan, jalaran tujuwane pancen kanggo mbantu nyempurnakake proses pencernaan pangan kasebut.
Kejaba kuwi jinis obat tinemtu kaya antinofilin, metronidasol, reserpin lan difenihildantoin, bisa nuwuhake rangsangan lambung. Kanthi anane panganan ing lambung, rangsangan kang bakal tuwuh bisa dikurangi.
Obat-obat sing ngombene nalika weteng isih ana isine antara liya obat-obat kanggo mrantasi radhang kayata fenilbutason, Indometasin, piroksikam lan difoklenak. Yen ngombe obat-obat kasebut dianjurake sabubare mangan kanggo ngurangi risiko tukak lambung kang minangka efek sampinge obat mau.
Semono uga tumrap obat infeksi saluran urin sing dkenal minangka Nitrofuratoin, anane panganan ing weteng uga minangka temeng tumrap dumadine efek samping kang tuwuh akibat obat kuwi.
Petung njlimet
Obat sing dianjurake diombe sawise mangan.Dadi ora sabubare mangan terus ngombe obat, yen kaya ngene iki padha wae bareng, lan wusanane bakal campur karo pangan sing mentas wae dipangan.
Obat sing digunakake sak-sak sawise mangan ora bakal campur karo panganan, Jalaran ing wektu kuwi lambung wis kosong, zat-zat panganan wis diserap lan sisa-sisane wis dipindhah menyang usus halus.
Bab pengaruhe panganan tumrap pengobatan yen ditlasah luwih adoh maneh bakal dingerteni menawa jinis panganan sing dipangan uga nduweni pengaruh tumrap efektifitas obat anggone merasake kelara. Timbal balik ing antarane obat lan panganan bisa padha-padha gawe pengaruh marang bab karakteristik fisiokimia, kemampuan pengaturan proses fisiologi, lan dhosis toksisitas obat.
Ing kene dadi cetha menawa pengaruh pangan tumrap obat lan pengobatan jebul ora prasaja kaya kang kita gambarake akeh aspek kang minangka rentetane, kang mbutuhake petung njlimet nalika kita mraktekake. Mula kita kudu ngati-ati lan mituhu marang aturan pakai sing wis ditemtokake, apa diombe sadurunge mangan, sawise mangan , utawa malah bareng wayah mangan.
Kejaba iku kita uga nyuwun supaya para dhokter, mantri, apoteker, lan para ahli kesehatan, supaya kersa maringi katerangan kang lengkap lan cetha ngenani bab iki supaya anggone migunakake obat ora kleru lan sing lara enggal warase.
Nuwun.


Kapethik saka Panjebar Semangat oktober 2000

Tidak ada komentar:

Posting Komentar