Batik
Batik yaiku salah sawijining cara kanggo
nggawe bahan sing dienggo ageman utawa klambi. Sakliyane kuwi Batik nduweni
loro hal kaping siji Teknik pewarnaan kain nggunakake malam lan kanggo nyegah pewarnaan separoning kain. Sakjroning Literatur internasional teknik kuwi
dikenal wax-resist dyeing. Pengertian
kaping loro yaiku Kain utawa ageman kang dinggo teknik kuwi kalebu nggunakake
motif-motif tinemtu kang nduweni kekhasan. Batik Indonesia kang dadi sakabehing
teknik , teknologi lan pengembangan motif lan budaya. Dening UNESCO uwis ditetapake dadi Warisan Kemanusiaan
dadi budaya lisan lan non-bendawi (master
pieces of the oral and Intangible Heritage of humanity ) wiwit 2 Oktober
2009.
Etimologi
Batik asale saka gabungan tembung Bahasa Jawa
yaiku “Amba “ kang nduweni teges “Nulis” lan titik kang nduweni teges “titik”
Sejarah Teknik Batik
Seni warnai kain lan teknik pewarnaan
migunakake malam yaiku salah
sawiwjining bentuk seni kuno. Temuane ana mesir sing nunjukake yen teknik iki
uwis dikenal wiwit abad ke-6 SM. Wujude ditemokake awujud kain bungkusan mumi
kang uga dilapisi malam kanggo ngebentuk pola. Ana Asia teknik kuwi ditemokake uga diterapake ana tiongkok sawektu dinasti T’ang 618- 907, sarta ana India lan
Jepang sawektu periode Nara (645-794). Ana afrika teknik batik dikenal dening
suku Yaruba ing Nigeria. Sarta suku Soninke lan Wolof ing Senegal. Ana Indonesia Jawa Timur dipercaya uwis ana
wiwit jaman Kerajaan Majapait lan dadi populer ing abad XVIII utawi awal abad
XIX. Batik kang dihasilake yaiku batik tulis nganti awal abad XX lan batik cap
tembe dikenal sakuwise perang dunia utawa kira-kira tahun 1920-an.
Nadyan tembung Batik saka bahasa Jawa nanging
tumekane batik ana tlatah jawa ora kecatet .G.P.Rouffaer ngewehi tembung yen
teknik batik iki nduweni kemungkinan dikenalake saking India utawa Srilangka
ing abad ke-6 utawa ke-7 . J.L.A Brandes (Arkeolog blanda) lan F.A Sutjipto (Sejarawan
Indonesia ) percaya yen tradisi batik asli saking daerah Toraja, Flores,
Halmahera, lan Papua. Pancen kudu dicatet yen daerah kuwi udu daerah kang
dipengaruhi dening hinduisme nanging nduweni tradisi kuna kanggo nggawe batik.
G.P.Rouffaer uga nglaporake yen pola gringsing
uwis dikenal wiwit abad ke-12 ana Kediri, Jawatimur. Dheweke nyimpulake yen
pola kaya kuwi bisa kabentuk karo nggunakake “canting” . Dadi dheweke nduweni
pendapat yen canting ditemokake ana jawa wektu kuwi. Detil ukiran kain kang
dinggo dening Prajnaparamita arca dewi kebijaksanaan buddhis saking jawa timur
abad ke-13. Detil agemane nampilake gegambaran utawa pola awujud wit-witan lan
kembang-kembang rumit sing mirip karo pola batik tradisisonal jawa sing bisa ditemokakae saiki. Kuwi nidhokake yen nggawe
pola batik sing rumit namung bisa
nganggo canting sing uwis dikenal ana Jawa wiwit abad ke-13 utawa sadhurunge.
Legenda lan literatur melayu abad ke-17 ,
Sulalatus salitin nyeritakake Laksamana Hang Nadim sing didhawuhi dening Sultan
Mahmud kanggo berlayar ana India supaya pikantuk 140 lembar kain serasah karo pola sing jumlahe 40 macem kembang saben
saklembar. Nanging jebul ora bisa nglaksanakake dhawuhe Sultan Mahmud . Dheweke
nggawe dhewe kain-kain kuwi, nanging malah kapale kerem ana dalan arep balik
lan namung mampu nggawa patang lembar lan dadi agawe Sultan Mahmud kuciwa.
Marang pirang-pirang Penafsir , Serasah
diartikake batik.
Ana
Literatur Eropa , teknik batik iki kaping pisan diceritakake ana buku Histori of Java (London , 1817) Tulisan
sir Thomas Stamford Raffles, Dheweke pernah dadi Gubernur Inggris ing Jawa
sawektu Napoleon sing nduduki Belanda .
Tahun 1873 Saudagar Belanda Van Rijekevorsel wenehi saklembar batik sing ulih
sawektu lagi ana Indonesia, Museum Etnik Rotterdam lan diwiwiti abad ke-19
yaiku wektu kang wiwitane batik tumuju kejayaane. Wektu kuwi dipamerake ana
Exposition Universelle ing Paris tahun 1900 , Batik Indonesia dikenal
masyarakat lan seniman.
Wiwit Indrustrialisasai lan Globalisasi ,
sing ngenalake teknik otomatisasi . Batik sing tembe teka kuwi dikenal dadi
batik Cetak lan Batik Cap. Nanging batik sing digawe utawa diproduksi
mugunakake teknik tangan,nganggo canting lan malam diarani batik Tulis. Hugh Clifford
ngrekam industri ing Pekan tahun 1895 yaiku sing ngasilake batik , kain
pelangi, lan kain telepok.
Budaya Batik
Batik yaiku kerajinan sing nduweni nilai seni duwur lan
dadi bagian saking Budaya Indonesia (Khususe Jawa) kawit mbiyen. Wanita utawa
wong wadon Jawa ing jaman mbiyen ndadekake ketrampilane kanggo mbatik yaiku
kerajinan kang eksklusif wanita nganti ditemokakae “ Batik Cap” sing kira-kira mlebune wong lanang ana bidang
iki. Macem-macem motif tradisional namung dienggo kanggo keluarga keraton
Yogyakarta lan Surakarta.
Batik kuwi awujud warisane nenek moyang Indonesia (Jawa)
sing nganti saiki taksih ana. Batik uga kawiwitan dikenalake Dunia marang
Presiden Soeharto sing wektu kuwi nganggo batik wektu Konferensi PBB.
Corak Batik
Ragam corak lan warna batik dipengaruhi dening manekawerna
pengaruh asing. Wiwitane , batik nduweni ragam corak lan warna sing diwatesi,
lan pirang-pirang corak kuwi namung uluh dienggo ana acara tinemtu. Nanging
batik pesisir kang nyerap manekawerna pengaruh luar, kayata pedagang asing lan
sing banjur dadi musuhe. Warna-warna cerah kaya warna abang dadi populer saking
Tionghoa. Sing uga ngenalake corak phoenix.
Bangsa penjajah Eropa uga nduweni rasa kepengin marang Batik. Lan ngasilake
corak kekembangan sing sakdhurunge ora dikenal
(kaya kembang Tulip) lan uga barang-barang sing digawa marang
penjajah (Gedung utawa kereta kuda, Dhokar) ana njero uga ana warna-warna kasenengane kaya warna biru. Batik
tradisional tetep njagakake corake. Lan taksih dienggo ana upacara-upacara
adat, sing biyasane saben corak nduweni lambang sing arupa beda.
Cara nggawe
Pertamane yaiku batik digawe karo bahan dasar warna putih
sing asale saka kapas lan dijenengi kain mori. Batik uga digawe karo bahan liya
kayata, sutera, poliestar, rayon lan bahan sintesis liyane. Motif batik
kabentuk karo sumelehe lilin arupa cairan lan nggunakake canting kanggo motif
pengalusan, utawa kuas kanggo motif sing ukurane rada gedhe. Dadi lelehan saka
lilin ngresep marang serat kain. Kain sing uwis dilukis karo lilin banjur dicelupake
utawa direndem karo warna sing dikepeinginake, biasane diwiwiti saking warna
enom. Ngeclupake kuwi banjur dilakokake kanggo motif liya karo warna sing luwih
tua utawa peteng. Banjur kaping-kaping kain kuwi dilakokake proses pewarnaan. Kain
sing uwis dibatik banjur dicelupake maning ana bahan kimia kanggo nglarutake
lilin.
Jenis Batik
Miturut Batike :
·
Batik Tulis yaiku kain kang dihias karo teksture lan
corak batik migunakake tangan. Nggawe batik jenis iki ngentekake wektu sing
kira-kira kurang luwih 2-3 wulan.
·
Batik Cap yaiku kain sing dihias karo teksture lan corak
batik sing kabentuk karo cap (biasane kagawe saka tembaga). Proses nggawe batik
jenis iki mbutuhake wektu kurang luwih 2-3 dina.
·
Batik Lukis yaiku proses nggawe batik sing carane
langsung nglukis karo kain putih.
Batik Jawa
Batik Jawa yaiku salah sawijining warisan budaya wong Indonesia,
khususe ana tlatah Jawa sing dikuwasani dening wong Jawa sing turun temurun.
Batik Jawa nduweni motif-motif sing arupa beda siji lan sijine. Motif sing beda
, biyasane motif kuwi nduweni makna. Maksude udu namung gegambaran nanging
ngandung makna sing seniman kuwi pikantuk dening Leluhure, yaiku Leluhur sing
nganut animisme, dinamisme utawa Hindu lan Buddha. Batik Jawa akeh dikembangake
ana daerah Solo utawa sing biyasa diarani Batik Solo.
Motif Batik
Ø Batik tiga negeri
Ø Batik Jawa Hokokai
Ø Batik Jawa asal
Pekalongan dengan desain pengaruh Eropa.
Ø Batik Buketan
Ø Batik Lasem
Berdasarkan Daerah
Asal
Berdasarkan Corak
Merk
Tokoh
Pameran
Sentra
Museum
Busana Khas Kagawe saka Batik
Alat kanggo Mbatik
Nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar