Rabu, 31 Desember 2014

Cerita Rakyat Jawa Tengah



Jaka Tarub
Wonten ing satunggiling dusun, wonten kulawarga ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelanipun saben padinten inggih menika madosi ron gedhang utawi jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wonten ing satunggiling dinten ing kulawarga menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbedadak bidalipun bada subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa. Menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarb boten manggih.

Satunggiling punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jroning wana. Ananging ngantos dalu Jaka Tarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sajroning wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng swantenipun gumujunging tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos swanten menika percaya kaliyan ingkang Jaka Tarub mirsani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing madyaning wana wonten swanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinmabi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenanwidodari menika ingkang  nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jak Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundhut rasukan satunggal lan dipunsnggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukanipun ditilar kancanipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipunceketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, Widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggiling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukanipun kathah ingkang reged pramila Naang Wulan nyuwun Jaka Tarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, la Jaka Tarub boten angsal mbikak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun namung satunggal kantun kemawon. Saking kadadosaken punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila wiwit nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Wonten satunggiling dinten Nawang Wulan njangkepi gelaran klasa kados kagetipun manah Nawang Wulan mirsani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,. Piyambakipun kaget  amargi piyambakipun duka. Dhumateng garwanipun amargi sampun dipunapusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kahyangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mirsani wulan amargi ing madyaning wulan wonten bayanganipun Nawang Wulan. Ananging saksampunipun dugi Kahyangan Nawang Wulan boten dipuntampi malih dados widodari amargi sampu kacampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi ngraosaken gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.




Selasa, 30 Desember 2014

Kenal Tokoh Wayang




DEWI SRI
 
Dewi Sri utawa Dewi Sulastri wonten ing pedhalangan Jawa inggih menika satunggiling putri sulung Prabu Sri Mahapunggung, Raja Negara Medangkamulan kaliyan garwanipun, Dewi Danawati. Prabu Sri Mahapunggung inggih menika gelaripun Bathara Srigati, putranipun Sang Hyang Wisnu kaliyan Dewi Sri Sekar/ Sri Widowati sing mudun menyang Arcapada kangge njagikaken wonten Dunya. Dewi Sri anggadhahi adhi cacahipun tigo yaiku Sadana, Wandu, Oya.
Dewi Sri kagambaraken nggadhahi pasuryan ingkang ayu sanget lan Dewi ingkang diyakini titisanipun Bathari Sri Widowati, nenek moyange. Dewi Sri anggadhahi watek ingkang mirah, sabar, lembut, lan bijaksana. Sami kaliyan adhinipun inggih menika Sadana ingkang sinebut Dewa asil bumi, kadi tela-telo, kentang, sayur lan woh-wohan. Mila kakalihe mboten saged dipunpisahaken.
Wonten ing lakon “Sri Sadana” dipuncariyosaken, menawi Sadana minggat saking Negara Medang Kamulan ingkang dipundhanguni kaliyan Ramanipun. Dewi Sri saksampunipun mangertosi kedadean budhale adhinipun, banjur madosi, sasampunipun mlampahi sedaya alangan lan rintangan ingkang pait. Jalaran wonten margi kepanggih kaliyan Buta raksasa.
Kalagumarang/Karungkala ingkang mburu-mburu, lajeng saksampunipun slamet saking nafsu ingkang awon karungkala, Dewi Sri saged kapanggih malih kaliyan Sadana inggih menika dados Dewa ingkang ngasilaken sedaya asil bumi. Dewi Sri lan adhinipun, Sadana dipunyakini gesang saklawase nganti jaman kang pungkasan, jalaran nggadhahi dhawuh kangge maringaken kemakmuran dhateng manungsa.
Nuwun.

Kenal Tokoh Wayang



DEWI KAMARATIH
 
 
Dewi Ratih utawa Dewi Kamaratih, inggih menika putrinipun Bathara Soma, putranipun Sanghyang  Pancaresi inggih menika  keturunanipun Sang Hyang Wening, adhinipun Sanghyang Wening. Dewi Ratih krama  kaliyan Bathara Kamajaya, putranipun  Sang Hyang  Ismaya. ingkang kaping  sanga  Sang Hyang Ismaya kaliyan Dewi Senggani. Dheweke manggen wonten  ing Kahyangan Cakra kembang.

Dewi Ratih nggadhahi pasuryan ingkang  ayu sanget.  Anggadhahi watek , sae sanget  setia sanget lan kebak cinta kasih, mirah ati, sabar lan ngabekti  dhateng garwanipun. Sareng kaliyan  garwanipun inggih menika Bathara Kamajaya, kekalihipun menika nglambangaken  kerukunan tiyang garwanipun. Jalaran kerukunan lan cinta kasih setunggal , kaliyan sanesipun. 

Dewi Ratih nate  dipundhawuhi  dhateng  Sang Hyang Manikmaya kangge nurunaken Wahyu Hidayat marang Dewi Utari, putra bungsu Prabu Matswapati raja Negara Wirata kaliyan Permaisurinipun Dewi Ni Yutisnawati /Setyawati. Wahyu Hidayat  ingkang diturunaken dhateng Bathara Kamajaya inggih menika marang Raden Abimanyu/Angkawijaya, putra Arjuna kaliyan Dewi Sumbadra.
Nuwun,

Senin, 29 Desember 2014

Atur pambagyo wilujeng



ATUR PAMBAGYO WILUJENG ING PAWIWAHAN SUNATAN

Dening  R.M.T. Warsito Pinilih
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten, bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Kula keparenga sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sakeco wawan pangandika.
Kula minangka tetalaning basa kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bapak Hadi Priyono sekaliyan, kula tianggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking tetenging wardaya.
Saking Bapak Hadi Priyono sekaliyan, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Pangeran ingkang Maha Agung, dene saged anjenengi pawiwahan supitan (sunatan) putranipun ingkang angka kalih namanipun Putra Baskara
Kaping kalihipun Bapak Hadi Priyono sekaliyan ngaturaken pambagyo sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung sumawana putri. Bapak Hadi Priyono sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak Hadi Priyono sekaliyan ngaturaken agunging panuwun, dene panjenengan sami ugi kersa paring berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang dipun khitan.
Panjenenganipun Bapak Hadi Priyono sekaliyan rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan kadi lelumban wonten samodra kencana , sekalangkung ndadosaken bombong bingahing manah.
Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng para sanak saherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga terpalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel.
Sarehne  Bapak Hadi Priyono sekaliyan mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken agunging panuwun mugi-mugi lumbering sih kanuraganing kautaman panjenengan angsal piwales kanugrahan saking Gusti Allah S.W.T. ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.
Kaping sekawan Bapak Hadi Priyono sekaliyan, nyuwun gungan panjenengan sekaliyan kersaa paring berkah pangestu wilujeng dhumateng putranipun ingkang mentas dipunicali sukeripun saged wilujeng nir ing pancabaya, sageda dados putra ingkang diwasa, remaja ngertos tanggel  jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi dateng bebrayan, kathah labuh labet dateng negari bangsa, lan ageminipun.
Mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken  palenggahan
Panjenengan sedaya, kiranging trapsila saha  mapanaken palenggahan panjenengan sedaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu, kiranging trapsila para sinoman anggenipun nglantaraken bojokrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelengan, kersaa para tamu angluberna sih pangaksana.
Ing wusana para tamu kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka manggung saha angrakabi sadaya pasugatan lan lelengan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan punika.
Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika tasih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trepsilaning anggen kula matur, awit kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaa anglunturaken gunging samodra pangaksama.
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.