Senin, 05 Januari 2015

kenal cerita wayang

Kumbakarna Gugur
ooo kumbakarna gaya surakarta kumbakarna keraton
Kumbakarna iku putra nomer loro saka sedulur cacah papat. Kang mbarep nama Dasamuka utawa Rahwana awijid danawa, katelu Dewi Sarpakenaka utawa Surpanaka asipat raseksi, kang waruju asipat satriya bagus rupane, alus budi pekertine yaiku Gunawan Wibisana. Ramane anama Resi Wisrawa dene ibune Dewi Sukesi saka negara Ngalengka (Alengka).
Kumbakarna iku senajan asipat raseksa nanging sinebut raden. Sebutan raden diparingake marang dheweke amarga sang raseksa iku nduweni watak satriya, jujur sarta adil. Buktine ora nyarujuki rakane dhusta Dewi Shinta garwane Prabu Rama Wijaya saka negara Ayodya, yaiku kang ndadekake dredah lan perang antarane Dasamuka lawan Rama Wijaya. Dasamuka kathetheran ngadepi bala wanara prajurite Prabu Rama. Parjurit raseksa kang tangguh diadhepi dening wanara seta Si Anoman.
Dasamuka ora mundur sapecak nadyan prajurite akeh kang tiwas. Dheweke banjur utusan nggoleki rayine ya Sang Kumbakarna kang lagi sare. Awake dihoyag-hoyag ora kersa wungu, nganti dithuthuk nganggo gada wesi meksa isih tetep angler. Bareng rambut netrane dijabut, lagi sang Kumbakarna wungu. Sejatine Kumbakarna ora gelem maju perang. Bareng ngelingi menawa Ngalengka iku Bumi Wutah getihe enggal cancut ngadhepi Rama Wijaya.
Kanthi aji gelap sakethi, bumi horeg dening suwarane Kumbakarna. Para prajurit kethek mlayu kaweden. Rama Wijaya ora girig ngadhepi mungsuhe kang sekti. Rama mriksani pancakara antarane Sugriwa lan Kumbakarna. Wusana sang raseksa dicokot irunge dening raja Kapi, kumbakarna adus getih. Adhine Kumbakarna ya Wibisana ora mentala mriksani rekane. Wibisana kinen matur Sri Rama supaya enggal mungkasi rekane. Pamundhute Kumbakarna iku enggal dileksanani Sang Rama. Enggaling carita Sri Rama Wijaya lan adhine ya Laksmana enggal maju ing samadyaning palagan. Ewa semono Kumbakarna kang wis adus getih, isih bisa ngadhepi Rama sanajan tangan lan sikile nganti putung. Wusana Rama nglepasake panah Guna Wijaya kang banjur ngenani anggane Kumbakarna.
Sabanjure Kumbakarna gugur dening Sri Rama. Gugure minangka pahlawan kang bela tanah wutah getihe. Kumbakarna gugur ora mbelani rekane kang srakah ya Dasamuka, ala-alane manungsa ing ngalam donya.
 Nuwun.

Sumbere saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar