WANGSALAN
Wangsalan
yaiku unen-unen saempar cangkriman sing wis ana batangane nanging didhelikake
ora dicethakake, mung diketokake sawanda kang pungkasan saka batangan iku
banjur digawe ukara dadi tebusane.
Wangsalan iku ana werna pirang-pirang
kayata :
1.
Wangsalan
padinan
Wangsalan kang dianggo ing saben dina.
Tuladha :
·
Roning
mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Cangkrimane :Roning mlinjo,
Tebusane :ngaso,
Batangane :so.
·
Pindhang
lulang, kacek apa kau
karo kowe.
Cangkrimane : pindhang lulang,
Tebusane :kacek,
Batangane :krecek.
2.
Wangsalan
lamba
Wangsalan kang ngemu batangan mung siji
Tuladha :
·
Jenang
gula
kowe aja lali.
·
Bantal
dawa yen lali elingna.
3.
Wangsalan
rangkep
Wangsalan kang ngemu batangan luwih saka
siji.
Tuladha :
·
Jenang sela, wader kali sesondheran, apuranta
yen wonten lepat kawula.
4.
Wangsalan
kang sinawung ing tembang
Wangsalan ana kang awujud tembang, yaiku
ana tembang Kinanthi, Pangkur, lan ana kang awujud tembang Dandhanggula.
Ing ngisor iki tuladhane tembang Kinanthi.
Kinanthi
liring pitutur,
Kentang
rambat menyan putih,
Awasna dipunpratela,
Noleha wiranging
wuri,
Cecangkok
wohing kelapa,
Kang dadi
pathoking urip.
Sumbere
saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi
Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar