Unggah
– ungguh Basa
Basa
Krama lugu lan krama alus.
1.
Basa
Krama lugu (Kramantara)
Titikane
:
a. Wujude
Basa
Tembung –tembunge awujud tembung krama (kr)
kabeh ora kacampuran krama inggil (ki)
Tumrap tembung-tembung:
Aku disalini kula
Kowe disalini sampeyan
Ater-ater dak- disalini kula-
Ater-ater ko- disalini sampeyan-
Ater-ater di- disalini dipun-
Panambang ku- disalini -kula
Panambang –mu disalini -sampeyan
Panambang-e disalini -ipun
Panambang-ake disalini -aken
b. Gunane
Kanggo sapdha-padha (priyayi) kang rumangsa
menang/dhuwur drajade tinimbang karo sing diajak guneman).
Tuladha: Sampeyan punapa tumut dados warganing
karang taruna ?
Griyakula kosong, sedaya sami kesahan.
2.
Basa
Krama Alus
Basa krama alus iku sarupane basa kang
paling luwes. Kanggo marang sadhengah wong ora ana alane. Mula diarani krama
alus, sapa bae bisa nganggo.
Titikane :
a. Wujude
basa
Tembung-tembunge krama (kr) kabeh
kacampuran krama inggil (ki) tumrap wong kang diajak guneman/digunem
Tumrap tembung-tembung
Aku diganti kula
Kowe diganti panjenengan
Ater-ater dak- diganti kula-
Ater-ater ko- diganti panjenengan-
Ater-ater di- diganti dipun-
Ater-ater –ku diganti -kula
Panambang -ku diganti -panjenengan
Panambang –mu diganti -ipun
Panambang –ake diganti aken
b. Gunane
Ø Kanggo anak
marang wong tuwa
Ø Murid marang
guru
Ø Wong enom
marang wong kang luwih tuwa lan kudu diajeni
Ø Kanca marang
kanca kang durung kulina/tepungan anyar
Ø Batur marang
bendarane
Tuladha :
· Bapak,
punika wonten tamu, duka saking pundi.
· Pak
guru punapa badhe tindak nitih honda?
· Mangga
menawi badhe ngagem gadhahankula!
Sumbere saka :
Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi
Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar