Panambang
–en
Panambang
–en iku bisa disambung karo tembung lingga kang wekasane aksara swara apadene
aksara mati (konsonan).
Manawa
disambungake karo tembung kang wekasane aksara swara panambang –en pengucap lan
penulisane malih dadi nen, an, on.
Manawa disambungake ing tembung kang wekasane aksara mati/sigeg, pangucap lan
panulisane ajeg (ora owah).
Tuladha
:
1.
Tuku –en =
tukunen
2.
Gawe –en =gawenen
3. Ke-jero-en =kejeron
4.
Ke-dawa-en =kedawan
5.
Ke –maju –en =kemajon
6.
Tulis –en =
tulisen
7.
Gudhig –en =gudhigen
8.
Kringet –en =kringeten
Tembung
lingga sing diwuwuhi panambang –en diarani :
a.
Pakon (Hagnya) Tanggap
b.
Guna
c.
Adiguna
-
Pakon
tanggap = lingga –en,
tegese pakon/prentah
Tuladha :
waca –en =wacanen, tegese supaya
kowaca
:
tulis –en =tulisen, tegese supaya
kotulis
-
Guna =lingga –en, tegese nandhang
9ketaman0 kaya kang kasebut ing linggane
Tuladha :
gabag –en =gabagen, tegese nandhang lara
gabag
:
panu –en =panunen, tegese nandhang
lara panu
-
Adiguna = ke (ka) –lingg –en, tegese keladuk, kakehan, utawa
luwih
Tuladha :
ke- lemu –en = kelemon,
keladuk/luwih lemu
:
ka –asin –en =kasinen, keladuk
luwih asin.
Sumbere saka :
Suprihatin,Darmi
dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak
Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar