Sabtu, 03 Januari 2015

Geguritan

Gurit Uwoh Aren

Urip, apa dene ngumbar kamurkan lan memungsuhan
Nandur eri lan bebondhotan, ngenam cecongkrahan
Sedheng jatine wong sesrawung
Adhedasar manah lembah jiwa luhung?
Ah, yen bisa mengku jantraning lelakon
Ngruwat ngaurip kang kebak pitakon
O, isih akeh kabagyan kang gampang linuru
Isih akeh kalodhangan kang gampang linuru
Kanggo marganing kautaman, nggayuh pangggantha
Nggelar kupiya
Mula uwalana
Dhadhunging dora lan dursila
Tal ning cidra lan culika

Entasna ati saka kedunging pangangsa
Udinen lembuting solah arising bawah
Kareben langit sumilak, angin manembrama mring sesami
Sumiyat edhum angelus pucuk-pucuk tetuwuh
Lan kamulyan rumesep jroning dina-dina

Elinga marang luhuring wasita adi
Amrike piwulung lan pangaji, jatine panandhang
Lan pangrukti
Dununge katentreman tan sumeleh ing lambar sesotya
Nanging ing manising wicara lan lembuting tresna

Tan ana pedahe kita numpak sesotya
Tan ana gunane kita mbebedhag panuksmaning hawa
Yen ati tansah garing
Yen rasa sangsaya aking
Adoh katresnan adoh kamulyan
Adoh saka kabagyaning wong bebrayan

Busananing raga iku mung asipat sawetara
Nadyan endah dinulu netra resep sinawang sesama
Nanging amrike sekar tan kaya amrike asma
Langgeng nadyan katilep mangsa, lestari nadyan wus pralaya
Mencorong pindha kartika , lerab-lereb lir tirtaning samodra
Mula udinen sarining gupita
Gegaraning wong akrama, dudu bandha dudu rupa
Nanging rasa kang sinurung perbawa tresna
Lan mustikaning mulya
Yen bisa anggegulang putra mring laku utama!


Sumbere saka ; Ragilputra,Turiyo.2007.Bledheg Segara Kidul.Yogyakarta:Gema Grafika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar