Senin, 05 Januari 2015

Unen- unen

PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang saben sagatra kadadean saka rong ukara. Ukara kapisan pinangka sampiran utawa kanggo purwaka, dene ukara kapindho pinangka wose utawa isine. Endahe parikan iku amarga nggunakake purwakanthi swara. Dene gunane parikan iku kanggo narik kawigatene wong kang diajak guneman.
Parikan iku ana werna  pirang-pirang. Ana sing mawa paugeran, ana kang ora mawa paugeran.
Parikan-parikan mau yaiku :
1.    Parikan kang ora mawa paugeran utawa parikan padhinan.
Tuladha :
Ø Blarak disampirake , omahe cedhak ora ngampirake.
Ø Swara tekek sawetara suwe, nadyan elek duweke dhewe
2.   Parikan kang mawa paugeran  (4x4) x 2.
Tuladha :
Ø Wajik klethik, gula Jawa
Ø Luwih becik, sing prasaja
3.   Parikan kang mawa paugeran (4+8) x2.
Tuladha :
Ø Kembang adas, sumebar tepining alas.
Ø Tiwas nggagas, nglabuhi wong ora waras
4.   Parikan kang sinawung ing tembang.
Tuladha :
Ø Suwe ora jamu, jamu godhong tela.

Ø Suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe gela.

Sumbere saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.

kenal cerita wayang

Kumbakarna Gugur
ooo kumbakarna gaya surakarta kumbakarna keraton
Kumbakarna iku putra nomer loro saka sedulur cacah papat. Kang mbarep nama Dasamuka utawa Rahwana awijid danawa, katelu Dewi Sarpakenaka utawa Surpanaka asipat raseksi, kang waruju asipat satriya bagus rupane, alus budi pekertine yaiku Gunawan Wibisana. Ramane anama Resi Wisrawa dene ibune Dewi Sukesi saka negara Ngalengka (Alengka).
Kumbakarna iku senajan asipat raseksa nanging sinebut raden. Sebutan raden diparingake marang dheweke amarga sang raseksa iku nduweni watak satriya, jujur sarta adil. Buktine ora nyarujuki rakane dhusta Dewi Shinta garwane Prabu Rama Wijaya saka negara Ayodya, yaiku kang ndadekake dredah lan perang antarane Dasamuka lawan Rama Wijaya. Dasamuka kathetheran ngadepi bala wanara prajurite Prabu Rama. Parjurit raseksa kang tangguh diadhepi dening wanara seta Si Anoman.
Dasamuka ora mundur sapecak nadyan prajurite akeh kang tiwas. Dheweke banjur utusan nggoleki rayine ya Sang Kumbakarna kang lagi sare. Awake dihoyag-hoyag ora kersa wungu, nganti dithuthuk nganggo gada wesi meksa isih tetep angler. Bareng rambut netrane dijabut, lagi sang Kumbakarna wungu. Sejatine Kumbakarna ora gelem maju perang. Bareng ngelingi menawa Ngalengka iku Bumi Wutah getihe enggal cancut ngadhepi Rama Wijaya.
Kanthi aji gelap sakethi, bumi horeg dening suwarane Kumbakarna. Para prajurit kethek mlayu kaweden. Rama Wijaya ora girig ngadhepi mungsuhe kang sekti. Rama mriksani pancakara antarane Sugriwa lan Kumbakarna. Wusana sang raseksa dicokot irunge dening raja Kapi, kumbakarna adus getih. Adhine Kumbakarna ya Wibisana ora mentala mriksani rekane. Wibisana kinen matur Sri Rama supaya enggal mungkasi rekane. Pamundhute Kumbakarna iku enggal dileksanani Sang Rama. Enggaling carita Sri Rama Wijaya lan adhine ya Laksmana enggal maju ing samadyaning palagan. Ewa semono Kumbakarna kang wis adus getih, isih bisa ngadhepi Rama sanajan tangan lan sikile nganti putung. Wusana Rama nglepasake panah Guna Wijaya kang banjur ngenani anggane Kumbakarna.
Sabanjure Kumbakarna gugur dening Sri Rama. Gugure minangka pahlawan kang bela tanah wutah getihe. Kumbakarna gugur ora mbelani rekane kang srakah ya Dasamuka, ala-alane manungsa ing ngalam donya.
 Nuwun.

Sumbere saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.

Minggu, 04 Januari 2015

Unen-unen

WANGSALAN

      Wangsalan yaiku unen-unen saempar cangkriman sing wis ana batangane nanging didhelikake ora dicethakake, mung diketokake sawanda kang pungkasan saka batangan iku banjur digawe ukara dadi tebusane.
Wangsalan iku ana werna pirang-pirang kayata :
1. Wangsalan padinan
Wangsalan kang dianggo ing saben dina.
Tuladha :
·         Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Cangkrimane                  :Roning mlinjo,
Tebusane                         :ngaso,
Batangane                       :so.
·         Pindhang lulang, kacek apa kau karo kowe.
Cangkrimane                  : pindhang lulang,
Tebusane                         :kacek,
Batangane                       :krecek.

2. Wangsalan lamba
Wangsalan kang ngemu batangan mung siji
Tuladha :
·         Jenang gula kowe aja lali.
·         Bantal dawa yen lali elingna.

3. Wangsalan rangkep
Wangsalan kang ngemu batangan luwih saka siji.
Tuladha :
·         Jenang sela, wader kali sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula.

4. Wangsalan kang sinawung ing tembang
Wangsalan ana kang awujud tembang, yaiku ana tembang Kinanthi, Pangkur, lan ana kang awujud tembang Dandhanggula.
Ing ngisor iki tuladhane tembang Kinanthi.
Kinanthi liring pitutur,
Kentang rambat menyan putih,
Awasna dipunpratela,
Noleha wiranging wuri,
Cecangkok wohing kelapa,

Kang dadi pathoking urip.

Sumbere saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.


Wicara

Unggah – ungguh Basa

Basa Krama lugu lan krama alus.
  1. Basa Krama lugu (Kramantara)
Titikane :
a.  Wujude Basa
Tembung –tembunge awujud tembung krama (kr) kabeh ora kacampuran krama inggil (ki)
Tumrap tembung-tembung:
Aku                               disalini                      kula
Kowe                             disalini                      sampeyan
Ater-ater dak-              disalini                      kula-
Ater-ater ko-                disalini                      sampeyan-
Ater-ater di-                 disalini                      dipun-
Panambang ku-            disalini                      -kula
Panambang –mu          disalini                      -sampeyan
Panambang-e               disalini                      -ipun
Panambang-ake           disalini                      -aken

b.  Gunane
Kanggo sapdha-padha (priyayi) kang rumangsa menang/dhuwur drajade tinimbang karo sing diajak guneman).
Tuladha:          Sampeyan punapa tumut dados warganing karang taruna ?
Griyakula kosong, sedaya sami kesahan.

2. Basa Krama Alus
Basa krama alus iku sarupane basa kang paling luwes. Kanggo marang sadhengah wong ora ana alane. Mula diarani krama alus, sapa bae bisa nganggo.
          Titikane :
a.  Wujude basa
Tembung-tembunge krama (kr) kabeh kacampuran krama inggil (ki) tumrap wong kang diajak guneman/digunem
Tumrap tembung-tembung
Aku                               diganti                       kula
Kowe                             diganti                       panjenengan
Ater-ater dak-              diganti                       kula-
Ater-ater ko-                diganti                       panjenengan-
Ater-ater di-                 diganti                       dipun-
Ater-ater –ku               diganti                       -kula
Panambang    -ku        diganti                       -panjenengan
Panambang –mu         diganti                       -ipun
Panambang –ake        diganti                        aken

b.  Gunane
Ø Kanggo anak marang wong tuwa
Ø Murid marang guru
Ø Wong enom marang wong kang luwih tuwa lan kudu diajeni
Ø Kanca marang kanca kang durung kulina/tepungan anyar
Ø Batur marang bendarane
Tuladha      :
·      Bapak, punika wonten tamu, duka saking pundi.
·      Pak guru punapa badhe tindak nitih honda?
·      Mangga menawi badhe ngagem gadhahankula!



 Sumbere saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.


Sabtu, 03 Januari 2015

Paramasastra

Panambang –en

Panambang –en iku bisa disambung karo tembung lingga kang wekasane aksara swara apadene aksara mati (konsonan).
Manawa disambungake karo tembung kang wekasane aksara swara panambang –en pengucap lan penulisane malih dadi nen, an, on. Manawa disambungake ing tembung kang wekasane aksara mati/sigeg, pangucap lan panulisane ajeg (ora owah).
Tuladha :
   1.    Tuku –en      = tukunen
   2.    Gawe –en      =gawenen
   3.    Ke-jero-en     =kejeron
   4.    Ke-dawa-en  =kedawan
   5.    Ke –maju –en           =kemajon
   6.    Tulis –en       = tulisen
   7.    Gudhig –en   =gudhigen
   8.    Kringet –en  =kringeten

Tembung lingga sing diwuwuhi panambang –en diarani :
   a.    Pakon (Hagnya) Tanggap
   b.    Guna
   c.     Adiguna

-          Pakon tanggap           = lingga –en, tegese pakon/prentah
Tuladha  : waca –en     =wacanen, tegese supaya kowaca
                  : tulis –en      =tulisen, tegese supaya kotulis
-          Guna                   =lingga –en, tegese nandhang 9ketaman0 kaya kang kasebut ing linggane
Tuladha  : gabag –en   =gabagen, tegese nandhang lara gabag
                  : panu –en     =panunen, tegese nandhang lara panu
-          Adiguna                      = ke (ka) –lingg –en, tegese keladuk, kakehan, utawa luwih
Tuladha  : ke- lemu –en          = kelemon, keladuk/luwih lemu
                  : ka –asin –en           =kasinen, keladuk luwih asin.



Sumbere saka : 
Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.


Kawruh Basa

Tembung Garba

Tuladha        :
  •        Saking ketebihan kapyarsa swantenipun gendhing anglangut.
  •    Sedaya angagem ageman ingkang sarwendah.

Tembung kang kacorek ngisore ukara dhuwur diarani tembung garba. Yaiku tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji kanthi nyuda cacahe wanda.
Wewatone nggarba tembung :
1.  Tembung sing ngarep pungkasane “a”, sing buri wiwitane “u” dadi “o”.
Tuladha    : sara+utama            = sarotama
                   : nara+utama           =narotama
2.  Tembung sing ngarep pungkasane “a”, sing buri wiwitane “i” dadi “e”.
Tuladha    : ana+ing                   =aneng
                   : tumeka+ing           =tumekeng

3.  Tembung sing ngarep pungkasane padha karo wiwitane tembung sing buri dirangkepake.
Tuladha    : sira+arsa                 =sirarsa
                   : siti+inggil               =sitinggil

4.  Tembung sing ngarep pungkasane “i”, sing buri wiwitane “a” dadi “ya”.
     Tuladha    : nuli+arsa                =nulyarsa
                        : lagi+antuk             =lagyantuk

5.  Tembung sing ngarep pungkasane “u”, sing buri wiwitane “a” dadi “wa”.
Tuladha    : wadu+aji                 =wadwaji
                   : nuju+ari                  =nujwari

6.  Tembung sing ngarep pungkasane “u”, sing buri wiwitane “i” dadi “we”.
Tuladha    : lumebu+ing            =lumebweng
                   : lumaku+ing           =lumakweng


Sumbere saka : Suprihatin,Darmi dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.

Geguritan

Gurit Uwoh Aren

Urip, apa dene ngumbar kamurkan lan memungsuhan
Nandur eri lan bebondhotan, ngenam cecongkrahan
Sedheng jatine wong sesrawung
Adhedasar manah lembah jiwa luhung?
Ah, yen bisa mengku jantraning lelakon
Ngruwat ngaurip kang kebak pitakon
O, isih akeh kabagyan kang gampang linuru
Isih akeh kalodhangan kang gampang linuru
Kanggo marganing kautaman, nggayuh pangggantha
Nggelar kupiya
Mula uwalana
Dhadhunging dora lan dursila
Tal ning cidra lan culika

Entasna ati saka kedunging pangangsa
Udinen lembuting solah arising bawah
Kareben langit sumilak, angin manembrama mring sesami
Sumiyat edhum angelus pucuk-pucuk tetuwuh
Lan kamulyan rumesep jroning dina-dina

Elinga marang luhuring wasita adi
Amrike piwulung lan pangaji, jatine panandhang
Lan pangrukti
Dununge katentreman tan sumeleh ing lambar sesotya
Nanging ing manising wicara lan lembuting tresna

Tan ana pedahe kita numpak sesotya
Tan ana gunane kita mbebedhag panuksmaning hawa
Yen ati tansah garing
Yen rasa sangsaya aking
Adoh katresnan adoh kamulyan
Adoh saka kabagyaning wong bebrayan

Busananing raga iku mung asipat sawetara
Nadyan endah dinulu netra resep sinawang sesama
Nanging amrike sekar tan kaya amrike asma
Langgeng nadyan katilep mangsa, lestari nadyan wus pralaya
Mencorong pindha kartika , lerab-lereb lir tirtaning samodra
Mula udinen sarining gupita
Gegaraning wong akrama, dudu bandha dudu rupa
Nanging rasa kang sinurung perbawa tresna
Lan mustikaning mulya
Yen bisa anggegulang putra mring laku utama!


Sumbere saka ; Ragilputra,Turiyo.2007.Bledheg Segara Kidul.Yogyakarta:Gema Grafika.