PARIKAN
Parikan
yaiku unen-unen kang saben sagatra kadadean saka rong ukara. Ukara kapisan
pinangka sampiran utawa kanggo purwaka, dene ukara kapindho pinangka wose utawa
isine. Endahe parikan iku amarga nggunakake purwakanthi swara. Dene gunane
parikan iku kanggo narik kawigatene wong kang diajak guneman.
Parikan
iku ana werna pirang-pirang. Ana sing
mawa paugeran, ana kang ora mawa paugeran.
Parikan-parikan
mau yaiku :
1.
Parikan
kang ora mawa paugeran utawa parikan padhinan.
Tuladha :
Ø Blarak
disampirake , omahe cedhak ora ngampirake.
Ø Swara
tekek sawetara suwe, nadyan elek duweke dhewe
2.
Parikan
kang mawa paugeran (4x4) x 2.
Tuladha :
Ø Wajik
klethik, gula Jawa
Ø Luwih
becik, sing prasaja
3.
Parikan
kang mawa paugeran (4+8) x2.
Tuladha :
Ø Kembang
adas, sumebar tepining alas.
Ø Tiwas
nggagas, nglabuhi wong ora waras
4.
Parikan
kang sinawung ing tembang.
Tuladha :
Ø Suwe
ora jamu, jamu godhong tela.
Ø Suwe
ora ketemu, ketemu pisan gawe gela.
Sumbere saka : Suprihatin,Darmi
dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak
Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.