Tembung
Garba
Tuladha :
- Saking ketebihan kapyarsa swantenipun gendhing anglangut.
- Sedaya angagem ageman ingkang sarwendah.
Tembung
kang kacorek ngisore ukara dhuwur diarani tembung garba. Yaiku tembung loro
utawa luwih kang digandheng dadi siji kanthi nyuda cacahe wanda.
Wewatone
nggarba tembung :
1. Tembung
sing ngarep pungkasane “a”, sing buri wiwitane “u” dadi “o”.
Tuladha : sara+utama =
sarotama
: nara+utama =narotama
2. Tembung
sing ngarep pungkasane “a”, sing buri wiwitane “i” dadi “e”.
Tuladha : ana+ing =aneng
Tuladha : ana+ing =aneng
: tumeka+ing =tumekeng
3. Tembung
sing ngarep pungkasane padha karo wiwitane tembung sing buri dirangkepake.
Tuladha : sira+arsa =sirarsa
: siti+inggil =sitinggil
4. Tembung
sing ngarep pungkasane “i”, sing buri wiwitane “a” dadi “ya”.
Tuladha : nuli+arsa =nulyarsa
: lagi+antuk =lagyantuk
5. Tembung
sing ngarep pungkasane “u”, sing buri wiwitane “a” dadi “wa”.
Tuladha : wadu+aji =wadwaji
: nuju+ari =nujwari
6. Tembung
sing ngarep pungkasane “u”, sing buri wiwitane “i” dadi “we”.
Tuladha : lumebu+ing =lumebweng
: lumaku+ing =lumakweng
Sumbere saka : Suprihatin,Darmi
dkk, 1999.STAR(Strategi Tepat Anak
Pintar) Bahasa Jawa. Solo:UD Putra Kertonatan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar