
Balada
Katresnan Segara Biru
Candrane
nggandul ana ing tawang
Lahir saktengahing wayah kang lagi padhang Jembrang
Disekseni Suminare Surya
Pas sakndhuwur mustaka
banjur di jenengi Rina,
Awujud karunia lan rahmat saking Gusti kang makarya
ngganda arum kadya Kusuma
Kusumaning ati ,bangsa lan negara
Iku pepujine wong tuwa
Aku namung bisa usaha lan uga dedonga
Mugi-mugi bisa kalaksana
Lahir saktengahing wayah kang lagi padhang Jembrang
Disekseni Suminare Surya
Pas sakndhuwur mustaka
banjur di jenengi Rina,
Awujud karunia lan rahmat saking Gusti kang makarya
ngganda arum kadya Kusuma
Kusumaning ati ,bangsa lan negara
Iku pepujine wong tuwa
Aku namung bisa usaha lan uga dedonga
Mugi-mugi bisa kalaksana
Rina
kurnia Sari
Jangkepe
17 Oktober 1995 iku kelairane
Watone tansah di rahasiaake
dhawuhe si mbah mbiyene
Hadi Proyono Asmanipun bapake
Lan Admini Simboke
Ana sawah pegaweane
Nggulawentah pari lan sejenise
Jangkepe
17 Oktober 1995 iku kelairane
Watone tansah di rahasiaake
dhawuhe si mbah mbiyene
Hadi Proyono Asmanipun bapake
Lan Admini Simboke
Ana sawah pegaweane
Nggulawentah pari lan sejenise
Tumiba
cahyaning surya
saka sisih wetan bebarengan wayah rahina
Suminare mencorot siyap siyaga
Amadhangi jagad raya
Miwiti kuwajibane manungsa ana ndunya
Nandhur kabecikan lan makarya
Tansah ambudidaya,,
Ing tegalan sumurup rombongan
Caping nggunung bebarisan
sandale ya.. namung samparan
pusaka pacul lan arit kagawan
Nora ketinggalan kebo kewan
kanggo mbiyantu pegawean saben padinan
Kanthi lila lan legawa
saka sisih wetan bebarengan wayah rahina
Suminare mencorot siyap siyaga
Amadhangi jagad raya
Miwiti kuwajibane manungsa ana ndunya
Nandhur kabecikan lan makarya
Tansah ambudidaya,,
Ing tegalan sumurup rombongan
Caping nggunung bebarisan
sandale ya.. namung samparan
pusaka pacul lan arit kagawan
Nora ketinggalan kebo kewan
kanggo mbiyantu pegawean saben padinan
Kanthi lila lan legawa
Ing mburitan dhewek tepungan
Sineksen wit gedhang jinejeran
nglampahi tegalan
Ginawa sakwernaning panganan
Kawadhah
rerantangan kang abunthel godhong gedhang
Kanggo bapak biyung sakperangan
Kanggo bapak biyung sakperangan
Sepi...
Langka...
Ora ana...
Saiki sliramu uwis lunga
Nadyan Cedhak umah
Sing kapisah kalitengah
jebul ora ninggalake bungah
malah sedhih lan susah
marga pepisah..
Maware mekrok warna abang
Srengenge tansah ngawe-awe
Ngoyag uwong padha nyambut gawe
Dalane pancen katon reme
Tumuju pasar wonokriyo panggonane
Gombong iku kotane
Angine
sumribit nggepyak awak
Alon rambute mbelah kabiyak
Wewengen kasuminar cahyaning rembulan
Mung siniji sing jumedhul langite lagi padhang
Sumorot wulane tesih ngadang
ngadang tumekane wong lanang
sing ninggal bayangan jroning awang-awang
apa dene ana lintang nanging ora sinandhing wulan
Alon rambute mbelah kabiyak
Wewengen kasuminar cahyaning rembulan
Mung siniji sing jumedhul langite lagi padhang
Sumorot wulane tesih ngadang
ngadang tumekane wong lanang
sing ninggal bayangan jroning awang-awang
apa dene ana lintang nanging ora sinandhing wulan
tanpa kumecap namung bisa mendhengi
layang..
rina klawan wengi
namung bisa sesuwun marang gusti
Tumibane titiwanci
nggenepi sucining janji
kanggo nyambangi
sepining ati..
mengerteni yen awakmu tansah tak wanti-anti “Fernanda Rendy”
Sing lagi dadi juru mudhi
metu adhoh pulo jawi
adhuh...
kelingan
yen lewat dalan wingi
ana tlatah karang njati
kelingan yen lagi nandhang brangta sawiji
segara endhah kaaran menganti
kadya hapsara lan hapsari
sucining katresnan kembang mlathi
sinebar tumiba ing siti
manuk-manuk oncat geguyuni
ora ngerti
banyu segara gumricik nidhoki
jebul udan riris sing teka ngancani
gandrung iki kudu di pungkasi
ana tlatah karang njati
kelingan yen lagi nandhang brangta sawiji
segara endhah kaaran menganti
kadya hapsara lan hapsari
sucining katresnan kembang mlathi
sinebar tumiba ing siti
manuk-manuk oncat geguyuni
ora ngerti
banyu segara gumricik nidhoki
jebul udan riris sing teka ngancani
gandrung iki kudu di pungkasi
Pinggiring segara lumaku enggal bali
numpak sepedha kang hamunggrenggeng
warna ireng
Aku namung trima meneng
Tangane ngrogoh sak sing menga
banjur ucul,
nyedhakepake tangane loro ana ngarep weteng
mepetake awake ana geger sing lagi gemeter
awake gumrojos teles kebes
nanging ora karasa
ya namung katresnan sing di gawa
numpak sepedha kang hamunggrenggeng
warna ireng
Aku namung trima meneng
Tangane ngrogoh sak sing menga
banjur ucul,
nyedhakepake tangane loro ana ngarep weteng
mepetake awake ana geger sing lagi gemeter
awake gumrojos teles kebes
nanging ora karasa
ya namung katresnan sing di gawa
Gambar
kae
panggonan kae
lan janji-janji manis kae
pancen nyenengake
panggonan kae
lan janji-janji manis kae
pancen nyenengake
Wewayangan
wayah awan- awan
sarwa endhah ana pikiran
ya ..namung gegambarane sira
Perkasane Raden Gatutkaca
pakulitane Lir Bathara kreshna
gagah pasuryane Arjuna
lan baguse Bathara kamajaya
Mesthine aku lila
Aku ngetan awakmu ngulon
ngangsu kawruh kanggo pepadhanging urip sakloron
Siniji..Siniji....
ragane pisah atine sawiji...
sarwa endhah ana pikiran
ya ..namung gegambarane sira
Perkasane Raden Gatutkaca
pakulitane Lir Bathara kreshna
gagah pasuryane Arjuna
lan baguse Bathara kamajaya
Mesthine aku lila
Aku ngetan awakmu ngulon
ngangsu kawruh kanggo pepadhanging urip sakloron
Siniji..Siniji....
ragane pisah atine sawiji...
Mbrebes grimis riwis-riwis
Tumetes ora uwis-uwis
Janjimu pancen manis
ngajak dolan menyang paris
nanging sliramu...
mbok aja namung lamis
lan mburi ora agawe nangis
dadyaa Lahang karoban manis...
Birune Banyu segara
tidhoki yen aku rindhu
Birune langit angkasa
tidhoki yen aku pengen ketemu
Bayu sing perkasa
tidhoki yen aku ana kene tansah ngenteni...
ngenteni.....
Baita sing kok tumpaki
Mugi-mugi enggala bali
nadyan aku ana gunung pati
Tanjung emas tak wanti-anti
Sliramu sing ndudut ati...
Sinom kang kinasih
Atiku namung siji
Tresna tulus lan suci
kanggo kangmas sawiji
ginawa nganti tumekane pathi
Mula sliramu sing satiti
Tumetes eluhku mlaku
namung sliramu jroning atiku
gambar kae banjur tak dekep
mugi-mugi katresnan bali satuhu
nadyan aku sering keprungu
kelakuan tindak tandukmu
nanging becik pikiranku
Setya marang janjimu
Eling kangmas ! Segara biru nyekseni sliramu,
“Njagakake endhoge si blorok”
Apa sing di jaluk
Apa sing di pinginake
Apa sing di Karepake
apa namung cangkange
Apa pancen wis ana wanita liya ing sisihe?
embuh
Aku lila
yen pancene sliramu Cidra
Siji panyuwunku
Dudutana tali tresnanku
Kanggo tandha kadurjananmu!
Mangsa ketiga wus tiba
Katon wujud ayune Dewi Sri
winih-winih wiwit di tanduri
Marang bapak biyung tani
Sing mbiyen sliramu tekuni
Kacang ijo, kedele, lan pari,
Sekabehing titahe gusti
Aku mangerteni
yen aku taksih duwene bapak biyung lan gusti
Prayogane aku kudu ngabekti ,
uga ora lali,
Nandur kabecikan dhateng sesami,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar