Sabtu, 29 November 2014

Cerkak



Tata Krama "Njaluk Sangu"


Kasorot cahya saka wetan sing tumeka ngintip-ngintip. Kelewat wayah rahina sing ginanti pepadhangan nyekseni kedadean ngarep umahe Pak Darman. Dina iku Saraswati lagi ngadheg ana ngarep lawang  anyar saka kayu jati mburitan umaeh. Pak Darman saiki pancen lagi kawentar banget ana kampung merga sugih dadakan, yaiku kabageyan warisan sing ora sithik saka mbaeh. Ana latar saras mandhengi bapake lan mboke. Banjur ngelingake wolung tahun kepungkur kira-kira dheweke lagi kelas  3 Sekolah Dasar.

Srengengene wus manasake ati. Umob kepengin boneka Doraemon anyar sing katon ana sawijining toko nang Pasar Minggu. Sinambi mlaku-mlaku ngethutake mboke sing mblanjani sayuran. Kaya-kaya Saras ngempet barang sing dikepingini kuwi. Nganthi digawa bali, tekan umah Saras ngarep-ngarep banget. Sesuke wayah mangkat sekolah banjur medhek bapake alon,

“Pak aku mangkat sekolah.” karo nyalami astane bapake.

“Iya ndhuk, sinau sing pinter ya.” Pak Darman ngendhika.

“Pak aku, aku arep njaluk.”  karo  ngadheg Saras diwanekake.

“Njaluk apa ndhuk? lah apa dhuwit sangu sing wingi uwis enthek ? Dadi bocah wadon kuwi aja boros-boros ! kudu bisa ngati-ngati anggone tetuku. Yen ora perlu ya ora usah ditukuni. Tuku jajan bae  aja nggo tukuni dolanan, kowe kuwi uwis gedhe ndhuk !” Pituture Pak Darman.

Saras ndhingkluk ora wani mandheng pasuryane Bapake sing pas nang ngarepe. Banjur ngadhep mburi. Mlayu karo sesenggrukan nangis. Merga tembe siji kuwi dheweke njaluk sangu. Biyasane Bapake sing marani lan ngewei sangune dudu dheweke.

Wiwit kuwi Saras ora tau maning njaluk sangu, lan trima diwei Bapake sepiraa ya ditampani. Nanging munggah kelas Papat Saras uwis ngerti apike nggunakake sopan-santun lan Tatakrama. Lan wis mulaih biyasa dienggo ana umah lan lingkungane.
Saiki Saras nyoba njaluk dhuwit.

Aku esih kelingan nalika ing pelabuhan, kowe janji lunga ora ana sewulan, ah nanging saiki wis luwih ing janji, nyatane kowe ora bali-bali

Keprungu tetembangane didi kempot saka lathine Pak Darman. Banjur nekad marani bapake merga kelingan kancane Maya, Adinda lan Nabila.

 “Lho, bapak saweg napa tho ?” Pitakone Saras.

“Lagi ngresiki mobil ki ndhuk.” Jawabe lirih.

Panas kecantol cahya karasan ing awake, Saras nuruti apa sing dipikkir, banjur mlayu ana pawon kanggo nggoleti bubuk ireng lan banyu panas. Disogake ana cangkir banjur di jogi banyu saka tremos. Di kudek, ditutupi lan ditataki lambar.

“Menika Pak wedhang kopinipun.” Saras nidhoki.

“Loh apa kuwi ndhuk ?” Bapake bingung.

“Monggoh dipununjuk rumiyin pak.” Prentahe

“Iya ndhuk, kok ora tau-taune ngono ndhuk, apa lagi ana sing dikarepake?” Pak Darman ngadheg curiga.

Lumampah marani meja lan njagong ana lincake. Sikate di gletakake lemah.

“kula badhe ngomong sakedhik pak.” Saras marani isin.

“ya wis, ngomonga !”

“Sedherengipun nyuwun ngapunten pak, kula menika badhe nyuwun arta” Saras ndhingkluk sinambi klitak-klitik jrijine.


“Lohh, Iku sing kok arep diomongke.” Bapake njagong ana lincak.

Wit gedhang sing nang ngarepe nangis mbrebes merga kebeset githing sing dicekel saras  ngantek katon  tumetes banyune. Saras wis ndredheg atine wedi mbok diomongi kaya mbiyen.

“Apa dhuwit sing jatah kanggo seminggu wis enthek ?”

“Dhereng pak.” Saras njawab lirih

“lah arep dinggo apa?” Pitakone.

Kelorone meneng sedhela.

 “Owh, ya wis. “ Pak Darman ngrogohi sak mburi.

Lepekan ginaris lan jliji sing genep lima kuwi mingkup. Ngawehake barang  marang ngarepe saras. Jebul kaisi tekukan  dhuwit warna Abang saklembar.

“Inggih matur nuwun sanget pak.” Saras nampani, Lumampah alon sinambi katon mringis. Kadheleng Verna saka mburine sing lagi nyapu pelataran.

Ning Pelabuhan Tanjung mas kene mbiyen aku ngeterke kowe, ning pelabuhan semarang kene aku tansah ngenteni kowe” 

Pak Darman nembang sinambi nglanjutake pegaweyane maning, wis kecekel selang sing dipancur-pancurake Mobile. Godhong gedhang njoged-njoged kasempyak angin saka laut kidul. Kaya-kaya melu seneng ndheleng polatane Saras sing esuk kuwi lagi prei sekolah, mlayu mlebu kamar kanggo ganti klambi banjur mak klebat menyang pasar kanggo Tuku Boneka Doraemon lan liya-liyane sing lagi ana promo diskonan. 


Jumat, 28 November 2014

Geguritan







Balada 
Katresnan Segara Biru

Candrane nggandul ana ing tawang
Lahir saktengahing wayah  kang lagi padhang Jembrang
Disekseni  Suminare Surya
Pas sakndhuwur mustaka
banjur di jenengi Rina,
Awujud karunia lan rahmat saking Gusti kang makarya
ngganda arum kadya Kusuma
Kusumaning ati ,bangsa lan negara
Iku pepujine wong tuwa
Aku namung bisa usaha lan uga dedonga
Mugi-mugi bisa kalaksana
Rina kurnia Sari
Jangkepe
17 Oktober 1995 iku  kelairane
Watone tansah di rahasiaake
dhawuhe si mbah mbiyene
Hadi Proyono  Asmanipun bapake
Lan Admini Simboke
Ana sawah pegaweane
Nggulawentah pari lan sejenise
Tumiba cahyaning surya
saka sisih wetan bebarengan wayah rahina
Suminare mencorot  siyap siyaga
Amadhangi jagad raya
Miwiti kuwajibane manungsa ana ndunya
Nandhur kabecikan lan makarya
Tansah ambudidaya,,

Ing tegalan sumurup rombongan
Caping nggunung bebarisan
sandale ya.. namung samparan
pusaka pacul lan arit kagawan
Nora ketinggalan kebo kewan
kanggo mbiyantu pegawean saben padinan
Kanthi lila lan legawa

Ing  mburitan dhewek tepungan
Sineksen wit gedhang jinejeran
nglampahi tegalan
Ginawa sakwernaning panganan
Kawadhah rerantangan kang abunthel godhong gedhang
Kanggo bapak biyung sakperangan

Sepi...
Langka...
Ora ana...
Saiki sliramu uwis lunga
Nadyan Cedhak umah
Sing  kapisah kalitengah
jebul ora ninggalake bungah
malah sedhih lan susah
marga pepisah..

Maware mekrok warna abang

Srengenge tansah ngawe-awe
Ngoyag uwong padha nyambut gawe
Dalane pancen katon reme
Tumuju pasar wonokriyo panggonane
Gombong iku kotane

Angine sumribit nggepyak awak
Alon rambute mbelah kabiyak
Wewengen kasuminar cahyaning rembulan
Mung siniji  sing jumedhul  langite lagi padhang
Sumorot wulane tesih ngadang
ngadang tumekane wong lanang
sing ninggal bayangan jroning awang-awang
apa dene ana lintang nanging ora sinandhing wulan
tanpa kumecap namung bisa mendhengi layang..


rina klawan wengi
namung bisa sesuwun marang gusti
Tumibane titiwanci
nggenepi  sucining janji
kanggo nyambangi
sepining ati..
mengerteni  yen  awakmu tansah tak wanti-anti  “Fernanda Rendy”
Sing lagi dadi juru mudhi
metu adhoh pulo jawi
adhuh...
kelingan yen lewat  dalan wingi
ana tlatah karang  njati
kelingan yen lagi nandhang  brangta sawiji
segara endhah  kaaran menganti
kadya hapsara lan hapsari
sucining  katresnan kembang mlathi
sinebar tumiba ing siti
manuk-manuk  oncat geguyuni
ora ngerti
banyu segara gumricik nidhoki
jebul udan riris sing teka ngancani
gandrung iki kudu di pungkasi

Pinggiring segara lumaku enggal bali
numpak sepedha kang hamunggrenggeng
warna ireng
Aku namung trima meneng
Tangane ngrogoh sak sing menga
banjur  ucul,
nyedhakepake tangane loro ana ngarep  weteng
mepetake awake ana geger sing lagi gemeter
awake gumrojos teles kebes
nanging ora karasa
ya namung katresnan sing di gawa 

Gambar kae
panggonan kae
lan janji-janji manis kae
pancen nyenengake


Wewayangan wayah awan- awan
sarwa endhah ana pikiran
ya ..namung gegambarane  sira
Perkasane Raden Gatutkaca
pakulitane Lir Bathara kreshna
gagah  pasuryane Arjuna
lan  baguse  Bathara kamajaya

Mesthine aku  lila
Aku ngetan awakmu ngulon
ngangsu kawruh kanggo pepadhanging urip sakloron
Siniji..Siniji....
ragane pisah atine sawiji...

Mbrebes  grimis riwis-riwis
Tumetes ora uwis-uwis
Janjimu pancen manis
ngajak dolan menyang paris
nanging sliramu...
mbok aja namung lamis
lan mburi ora agawe nangis
dadyaa  Lahang karoban manis...

Birune Banyu segara
tidhoki yen aku rindhu
Birune langit angkasa
tidhoki yen aku pengen ketemu
Bayu sing perkasa
tidhoki yen aku ana kene tansah ngenteni...
ngenteni.....
Baita sing kok tumpaki
Mugi-mugi enggala bali
nadyan aku ana gunung pati
Tanjung emas tak wanti-anti
Sliramu sing ndudut ati...

Sinom kang kinasih
Atiku namung siji
Tresna tulus lan suci
kanggo kangmas sawiji
ginawa nganti tumekane pathi
Mula sliramu sing satiti


Tumetes eluhku mlaku
namung sliramu jroning atiku
gambar kae banjur tak dekep
mugi-mugi  katresnan bali satuhu
nadyan aku sering keprungu
kelakuan tindak tandukmu
nanging becik pikiranku
Setya marang janjimu
Eling kangmas ! Segara biru nyekseni sliramu,

“Njagakake endhoge si blorok”
Apa sing di jaluk
Apa sing di pinginake
Apa sing di Karepake
apa namung cangkange
Apa pancen wis ana wanita liya ing sisihe?
embuh
Aku lila
yen pancene sliramu Cidra
Siji panyuwunku
Dudutana tali tresnanku
Kanggo tandha kadurjananmu!

Mangsa ketiga wus tiba
Katon wujud ayune Dewi Sri
winih-winih  wiwit di tanduri
Marang  bapak biyung tani
Sing mbiyen sliramu tekuni
Kacang ijo, kedele, lan pari,
Sekabehing  titahe gusti

Aku mangerteni 
yen aku taksih duwene bapak biyung lan gusti
Prayogane aku kudu ngabekti ,
uga ora lali,
Nandur kabecikan dhateng sesami,